Page 10 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 10

Market Day MtsN 9 Bantul, Sarana Ajar Dagang kanggo Siswa                Irah-irahan
                               Bantul (MTsN 9 Bantul)- Market Day minangka salah sawijining kegiyatan ing
                         rantamaning adicara Hari Amal Bakti (HAB) MTsN 9 Bantul kang kaping sewelas.
                         Miturut Ketua Panitia HAB kang uga Wakil Kepala Madrasah Bidang Humas, Dra.
                         Rahmi Prabawati, ancasing kegiyatan Market Day iki kanggo nglatih siswa supaya    Teras Pawarta
                         nduweni jiwa bisnis. Siswa saka cilik dilatih supaya pinter anggone wirausaha kanthi
                         dodol dagangane dhewe-dhewe.
                               Siswa saben kelas gawe papan-papan kanggo dodolan kanthi diewangi wong
                         tuwane. Kegiyatan kasebut dianakake ing Dina Setu (07/03), bebarengan karo
                         rantaman adicara liyane, ing antarane launching program unggulan, wisuda tahfiz,
                         bakti sosial, lan pentas seni.
                               Cacahing stand yaiku ana 13 stand kang digawe ana ing halaman madrasah.
                         Siswa dodol maneka warna panganan kang diproduksi kabantu dening wong tuwane
                         dhewe-dhewe, kayata jus, jajanan pasar, sega kuning, sega kucing, lan panganan
                         kekinian.
                                                                                                             Isi Pawarta
                               Siswa dilatih tulung tinulung ana ing kegiyatan iki. Ana sing njaga papan, ana
                         kang nyebar brosur kang isine menu-menu panganan, lan ana uga kang mubeng-
                         mubeng dodol dagangane nganggo tedho.
                               Sing tuku dagangane ora mung saka kalangan siswa, ananging uga wong
                         tuwa, lan masyarakat sakiwa tengen madrasah.
                               Kepala MTsN 9 Bantul, Nur Hasanah Rahmawati, S. Ag., M. M. ngendika bilih
                         kegiyatan Market Day minangkan sinergi antarane guru, pegawe, siswa, wali murid,
                         komite, lan masyarakat sakiwa tengene.
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15