Page 6 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 6

Tuladha Teks Pawarta





                              Nyulap Ampas Tebu Dadi Karton Migunani



                                     Ampas tebu limbah sing ora ana gunane, pranyata isih bisa dimanfaatake kanggo
                               bahan baku karton. Kuwi riset utawa panalitene siswa MTsN 9 Bantul, Nabila Aulia Rahman.
                               Riset kasebut ngasilake prestasi antuk kejuaraan ing tataran internasional taun 2020. MTsN
                               9 Bantul minangka madrasah unggulan riset, unggulan akademik, lan lagi tumuju dadi
                               madrasah digital.
                                     Karana risete kuwi, Nabila Aulia Rahman Kelas 9D antuk medali perunggu
                               International Young Inventors Award (IYIA). Nabila didampingi guru pendamping M. Muad
                               Irmawan, S. Si., kandha, nalika panalitian, dheweke golek ampase tebu saka petani tebu.
                               Dene anggone ngolah dadi karton menyang pabrik kertas ing Magelang.
                                     Nabila Aulia Rahman nalika diwawancarai kandha bilih dheweke bisa berprestasi
                               amarga sregep sinau lan ndedonga, ora luput Nabila disengkuyung marang wong tuwa lan
                               guru-guru MTsN 9 Bantul.
                                     Nabila Aulia Rahma kalebu siswa kang nduweni prestasi akeh. Kajaba menang medali
                               perunggu ana ing IYIA, bijine Asesmen Standarisasi Pendidikan Daerah (ASPD) uga paling
                               dhuwur, banjur biji Ujian Madrasah dheweke ana ing urutan nomer telu.
                                     Edhi Gunawan mongkog, MTsN 9 Bantul prestasine akeh. Pinercaya minangka
                               madrasah unggulan riset, unggulan akademik, lan lagi tumuju menyang madrasah digital. Ing
                               pangajab, kanthi layanan digital bisa luwih migunani tumrap masarakat.

               Kapethik Saka: Jaya Baya No. 45, Minggu 11 Juni 2021 (kanthi owah-owahan)
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11