Page 2 - E-modul Pawarta Basa Jawa
P. 2

Atur Pangiring









                     Puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang tansah paring
              kanugrahan bagas kasarasan dhumateng kita sami, satemah modul pengamping bahan ajar menika saged
              karacik.
                     Modul bahan ajar menika karacik adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Wajib Basa Jawa, Peraturan
              Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta No. 64 Tahun 2013 babagan Mata Pelajaran Basa Jawa minangka
              Muatan Lokal wajib ing SMP/ MTs.
                     Mugi kanthi pengamping bahan ajar menika, para siswa saged langkung gampil nyinau wulangan
              basa Jawa mliginipun bab Pawarta Basa Jawa, amargi modul menika saged dipunginakaken wonten
              android. Modul menika katujokaken dhateng siswa kelas VIII ing MTsN 9 Bantul utawi madrasah
              sanesipun. Ing modul menika kaandhut materi, video, ugi soal-soal latihan arupi kuis interaktif.
                     Panyerat ngrumaosi bilih pengamping bahan ajar menika taksih kirang malah kepara tebih saking
              sampurna. Pramila panyerat nyuwun agunging pangaksami mbokbilih damel kuciwaning penggalih.
              Panyerat tansah mawantu-wantu pamrayogi lan panyaruwe saking panjenengan sami.
                     Matur nuwun.


                                                                                                                     Panyerat


                                                                                                               Nita Yuniati, S. Pd.
   1   2   3   4   5   6   7