Page 16 - e-modul Crita Pengalaman
P. 16

Tuladha

                                   Sugeng Tindak Mitraku






                               Setaun kapungkur aku nemahi lelakon kang gawe
                   pingget ati. Aku ora bisa nglalekake kadadeyan iku. Nem sasi      Tegese Tembung
                   sakdurunge ujian sekolah kancaku mlebu rumah sakit. Bareng        Kepungkur     : kang wis klakon, kawuri
                   dititi priksa dening dokter pranyata kancaku nandhang lara        Nemahi        : nglakoni
                   kanker malah wus stadium telu. Maneka warna kupiya dilakoni       Pingget ing ati : gawe sedhih
                   dening kaluwargane kanca raketku iku. Mertamba ing rumah          Dititi priksa  : dipriksa, didelok
                   sakit uga cara liyane dilakoni murih bisa waras saka lelarane.    Mertamba      : golek tamba
                   Saben dina kancaku iku mlebu metu rumah sakit, kadhangkala        Kupiya        : usaha
                   mondhok nganti sasen.                                             Mitra         : kanca
                               Nganti sawijining dina aku dikabari manawa kanca      Mondhok       : mapan turu kanggo sawetara wektu
                   raketku iku mau ora bisa ditambani maneh. Gusti Kang Maha         Murwat        : laras, trep
                   Kuwasa nimbali kancaku iku mau. Krungu kabar iku awakku           Sowan         : mara, ngadhep
                   lemes sikilku kedher. Rasane aku wis ora duwe daya apa-apa.       Nguntabake    : ngeterake
                   Kancaku ya mitra kenthelku wis sowan marang Pangayunaning         Nimbali       : nyeluk
                   Kang Maha Agung. Aku mung bisa aweh donga nalika                  Layon         : jisim
                   nguntabake layone tumuju ing pasareyane kang pungkasan.           Pasareyan     : kuburan
                   “Mitraku, sugeng tindak, mugi Gusti Kang Maha Kuwasa paring       Pungkasan     : keri dhewe
                   papan kang murwat tumrap sliramu”.


                                                                                                                                        16
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21