Page 17 - e-modul Crita Pengalaman
P. 17

Gladhen

                                   Sugeng Tindak Mitraku






                               Setaun kapungkur aku nemahi lelakon kang gawe
                   pingget ati. Aku ora bisa nglalekake kadadeyan iku. Nem sasi
                   sakdurunge ujian sekolah kancaku mlebu rumah sakit. Bareng
                   dititi priksa dening dokter pranyata kancaku nandhang lara        GLADHEN
                   kanker malah wus stadium telu. Maneka warna kupiya dilakoni       Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi adhedhasar
                   dening kaluwargane kanca raketku iku. Mertamba ing rumah          wacan!
                   sakit uga cara liyane dilakoni murih bisa waras saka lelarane.
                   Saben dina kancaku iku mlebu metu rumah sakit, kadhangkala        1. Crita pengalaman iku kapan kadadeyane?
                   mondhok nganti sasen.                                             2. Geneya lelakon iku gawe pingget ing ati?
                               Nganti sawijining dina aku dikabari manawa kanca      3. Sapa kang nandang lara ing crita pengalaman
                   raketku iku mau ora bisa ditambani maneh. Gusti Kang Maha             kasebut?
                   Kuwasa nimbali kancaku iku mau. Krungu kabar iku awakku           4. Kepriye pungkasane crita pengalaman kasebut?
                   lemes sikilku kedher. Rasane aku wis ora duwe daya apa-apa.       5. Pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita
                   Kancaku ya mitra kenthelku wis sowan marang Pangayunaning             pengalaman kasebut?
                   Kang Maha Agung. Aku mung bisa aweh donga nalika
                   nguntabake layone tumuju ing pasareyane kang pungkasan.
                   “Mitraku, sugeng tindak, mugi Gusti Kang Maha Kuwasa paring
                   papan kang murwat tumrap sliramu”.


                                                                                                                                        17
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22