Page 129 - Candu Pena
P. 129
Sesuk esuk, dheweke wis tangi saka turune.
Tawon deleng kahanan sakupenge. Panggonan kasebut
isih durung owah, mung tawon isih ora gelem nulungi
wong liya. Tawon mikir lan gremeng ing jero ati, “Kena
apa aku kudu nulungi kancaku, apa ora ana kewan liya sing
bisa nulungi”. Tawon mung ngersula ing njero ati.
Nalika tawon lagi golek panganan, swiwine tawon
ora sengaja kena sarange laba-laba. Tawon ora bisa uwal
saka sarange laba-laba. Dheweke mbengok njaluk tulung
marang kewan sing liwat. Nanging ora ana kewan babar
pisan sing nulungi. Kewan kang liwat mung deleng
kahanan tawon wae banjur miber ora ngerti parane.
Suwene wektu, tawon pungkasane sadhar yen
duwe kanca iku perlu banget. Tawon saya suwe saya
ngerti yen mbantu wong liya minangka tumindak sing
apik. “Menawa ana kewan sing bisa nulungi aku supaya
bisa uwal saka sarang iki, aku bakal nulungi sapa wae sing
njauk tulung marang aku yen aku bisa aweh
118 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo