Page 133 - Candu Pena
P. 133

jare  dosene.  Banjur  Rizki  lega  amarga  tugase  tugas

          kelompok, dudu tugas individu.


                 “Lajeng  kelompokipun  kadospundi  Pak?”,  Rizki


          takon  marang  dosene.  Banjur  dosene  mangsuli

          “sembarang,  kelompoke  dipilih  dhewe-dhewe  ora  dak

          temtokake”, wangsulane dosen.


                 Pungkasane  sawise  antuk  tugas,  Rizki  banjur

          ngajak  kancane  Doni  anggone  ngrampungake  tugase.

          Nanging Rizki isih butuh 2 wong, mula dheweke ngajak


          kancane Maya lan Ita kanggo ngrampungake tugas sing

          diwenehake dening dosene Rizki.


                 Sawijining  dina  dheweke  menyang  wilayah

          Kalimantan  ana  ing  desan  Santosa  arep  ngerjakake

          tugas  laporan.  Desa  Santosa  minangka  desa  kang

          mayoritas wargane agama islam. Satekane ing desa sing

          jenenge desa Sentosa, dheweke kaget banget marang

          tumindake para warga. Para warga padha tumindak ora



            122           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   128   129   130   131   132   133   134   135   136   137   138