Page 135 - Candu Pena
P. 135

“assalamualaikum”, sapane Rizky.

                 “waalaikumsalam”, wangsulane warga Santosa.


                 “nyuwun  sewu,  badhe  nyuwun  pirsa  napa  angsal

                 Pak?”, ukarane Rizky.

                 “takon apa mas?”, wangsulane warga Santosa.

                 “Bapak Islam?”, pitakonane Rizky.

                 “iya, ana apa?”, wangsulane warga Santosa.

                 “Punapa Bapak sampun mangertosi menawi Allah

                 sampun berfirman, “..... lan haramaken sakabehing


                 bab-bab     ingkang     mboten     prayogi     kangge

                 umatipun...”(Al-a’raf:157).  Punapa  miturutipun

                 panjenengan,  ngrokok  puniku  prayogi  kangge

                 salira panjenengan?”, pocape Rizky.

                 “Hla... kan ora nyebutake yen ngrokok iku haram,

                 yen  ngombe  barang  sing  gawe  mabuk  kuwi  lagi

                 antuk diarani haram”, wangsulane warga Santosa.

                 “punapa  ngunjuk  toya  pethak  punika  haram?”,

                 pitakonane Rizky.



            124           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   130   131   132   133   134   135   136   137   138   139   140