Page 140 - Candu Pena
P. 140
dening salah siji guru, “Assalamu’alaikum wr.wb., Kirana
Dwi Putri Adhiningrum diaturi ing ruwang guru!“. Banjur
kirana sing ngrungokake wara wara iku langsung mlayu
menyang ruwang guru. Pranyata ing ruwang guru ana
Bapake Kirana sing katon kuwatir. Banjur Kirana marani
bapake lan ngomong, “loh, wonten napa Pak, njenengan
dateng ngriki?“, pitakone Kirana sinambi bingung.
“Ndhuk.. Ibuk lara ibuk, mau esuk ibu semaput nanging
saiki wis sadhar“, Kirana sing krungu omongane bapake
ora mikir dawa, langsung mlayu marang kelase saperlu
njupuk tas lan mulih.
Satekan ana omah, Kirana mlayu menyang kamar
ibune lan weruh Aksa nangis ing jejere ibune, “hiks hiks,
ibuuk nyapo kok semaput? Hiks hiks“, pitakonane Aksa.
“ibu ora opo opo kok Aksa ibuk mung kekeselen “,
wangsulane Kirana gawe nglegakna ati adhie. “nggeh le..
Nduk.. Ibuk mung kekeselen“, ibu nambahi omongane
Kirana supaya bocah loro kuwi ora kuwatir karo ibune.
129