Page 143 - Candu Pena
P. 143
dumadakan Kirana ndeleng Aksa lungguh karo nangis.
“hikss.. Mbakk i I bbuk mbak hiks hiks”. ”IBU NYAPOO
AKSA!?“, Kirana nyentak adhine.
Kirana langsung mlayu menyang kamar ibune,
Kirana mandheg ing ngarep lawang, kirana ora bisa nahan
eluhe. “Hiks.. Hiks ibuuk.. Hiks hiks“, tangise Kirana.
Bapak sing krungu swara tangise Kirana langsung marani
lan ngrangkul anake. “ora apa-apa nduk.. sampun wektune
ibu dipundhut dateng Pengeran, ikhlasake ndhuk... ibu
sampun mboten sakit malih“, kandhane bapak Kirana
nalika ngenengake Kirana.
Kirana langsung ngrangkul layon ibune , “ibuuk..
Hiks hiks nuwun pangapunten.. Kirana.. Ora bisa njaga
ibuk.. “ kandhane Kirana sinambi getun. Banjur Kirana
metu saka kamare ibune lan ngupayakake bisa nenengke
awake karo lungguh ing sandhinge adhine. Banjur krungu
wara wara saka masjid sing unine, “innalillahi wa inna
132 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo