Page 148 - Candu Pena
P. 148

Dudung kuwi bener. Pungkasane  ibu Dudung  ngganteni

          dhuwite  pitik  pak  RT  lan  ngomongi  Didin  supaya  ora


          dibaleni maneh. Didin ngomong karo nada nangis, “inggih

          bu,  nyuwun  pangapunten”.  Ibu  Dudung  ora  bisa  nesu

          marang Didin amarga Ibu Dudung ngerti yen Didin mung

          urip karo bapake. Nanging ibu Dudung panggah menehi

          pitutur  marang  Didin  ngenani  tumindake  kang  njupuk

          barang liyan.

                 Bapake  Didin  nelayan  sing  mulih  ora  mesthi.


          Kadhangkala  2  dina  utawa  malah  7  dina.  Dene  ibune

          Didin seda nalika Didin isih kelas 1 SD. Ibune Dudung

          ngerti  yen  tumindake  Didin  kuwi  amarga  ora  anane

          nasehat  saka  wong  tuwane.  Ibu  Dudung  percaya  yen

          sejatine Didin kuwi bocah sing apik nanging ora ngerti

          barang apik lan ala. Sakwise kedadean kuwi, Didin diajak

          menyang  omahe  Dudung  lan  turu  karo  Dudung  saben

          dina.  Dudung  seneng  banget  karo  kahanan  iki  amarga

          Dudung iku anak siji-sijine bapak lan ibune Dudung sing



                                                                  137
   143   144   145   146   147   148   149   150   151   152   153