Page 146 - Candu Pena
P. 146

ngamuk.  Didin  uga  mangsuli,  “Wis  sore  ketimbang

          diuculke  terus  dimangsa  kewan  liya,  ayo  digawa  mulih


          kanggo nedha bengi, ibumu ora duwe lawuh, iki lumayan

          enak kanggo lawuhmu." Ya luwih apik yen digawa mulih,

          ya, nanging yen sing duwe pitik nggoleki pitik iki, apa ora

          dosa  kanggo  awake  dhewe?"  jare  Dudung  karo  rada

          wedi.”  Ya,  tinimbang  mati  ning  kene  utawa  dipangan

          kewan liya, ayo digawa mulih,” ujare Didin. Dudung uga

          mangsuli  kanthi  kebak  rasa  wedi  “Ya  padha  wae,  ora


          dipangan kewan nanging mbok pangan, hla ya padha wae

          mangan buah simalakama”. Pungkasane Dudung lan Didin

          nggawa pitike mulih.

                 Tekan ngomah Dudung lan Didin mbeleh pitik lan

          langsung  dimasak.  Pitik  digoreng  lan  siap  dipangan.

          Nalika  wayahe  mangan  bengi,  “Dung,  ayo  cepet-cepet

          mangan, selak adhem” jare Didin. “Ya sedhela wae aku

          isih  ngenteni  ibu  mulih”  wangsulane  si  Dudung.  “Wah,

          suwih tenan kowe aku wis luwe banget,” omonge Didin



                                                                  135
   141   142   143   144   145   146   147   148   149   150   151