Page 52 - Candu Pena
P. 52

semangat  kanggo  tes  kaping  telu  sawise  gagal.

          Alhamdulillah  berkat  donga  lan  kerja  keras,  Bayu


          diakoni lulus dadi prajurit. Bayu nangis banjur ndedonga

          marang Gusti Allah lan kirim dunga marang almarhumah

          ibune. ”Bu...., Bayu lolos, matur nuwun sampun nglairaken

          Bayu,  sampun  dados  panjurung  anggenipun  ngrumati

          Bayu  ngantos  akhiripun  ibu  wangsul  wonten  ing

          kahyangan”. Kandhane Bayu menyang makam ibune.


                 Sawise bali saka kuburan, Bayu kelingan yen ibune

          wis menehi wasiat.  Bayu  Pungkasane  mbukak  lan  maca


          isine, yaiku “aja mandeg yen wis kesel, fokus karo sing

          ditindhakake,  jejibahane  aja  lali  dilakokake.  Nak,  aja

          nggugu omongane wong sing ora cocog karo kasunyatan.

          Yen wis sukses aja lali marang wong tuwa. Menawa wis

          wayahe ibu ditimbali ngadep Gusti kudu siap urip tanpa

          anane  ibu.  Sakabehe  manungsa  ora  ana  sing  ngerti

          umure,  aja  lali  marang  Gusti,  gayuh  cita-citamu


          sadhuwur-dhuwure. Gusti ora sare, aja kuwatir kuciwa

                                                                  41
   47   48   49   50   51   52   53   54   55   56   57