Page 56 - Candu Pena
P. 56

masalah?”, pitakon guru. Banjur Viera kaget krungu guru

          kang  lagi  takon  lan  nimbali  jenenge  bola-bali.


          “Pangapunten  bu,  kula  mboten  sumerap,  kala  wau  kula

          nglamun”,  wangsulane  Viera.  “Ya  wis  yen  mangkono

          amarga wis wektune mulih awake dhewe ndonga dhisik

          sadurunge mulih!”.


                 Sawise  iku  Viera  gage-gage  mulih  menyang

          omahe. Viera ganti klambi lan rampung mangan dheweke

          lunga  menyang  ibune  kanggo  ngancani  ibune  ben  ora

          dhewean ana ing kamar. “buk, wau kula ditangleti bu guru


          gegayuhan kula buk”, kandhane Viera karo lesuh. “banjur

          kowe jawab apa nak?”, takon ibune. “aku ora jawab apa-

          apa buk”, wangsulane Viera kang isih lesuh. “lho Kena apa

          ora diwangsuli?”, pitakone ibu maneh. “kula nglamun bu”,

          jawab  Viera  .  “yen  guru  lagi  ngandharake  iku

          dirungokake  ben  kowe  bisa  paham  karo  apa  kang

          diwedharake, aja nglamun wae!” jawab ibu.





                                                                  45
   51   52   53   54   55   56   57   58   59   60   61