Page 61 - Candu Pena
P. 61

Kedadeyan Ing Awal Oktober


                          Dening: Kharisma Nur Azizah




               Salah  siji  dina  cethane  tanggal  02  oktober  2022

          aku  numuti  lomba  Kobbar  ing  SMA  Negeri  1  Bangil.

          Sadurunge aku latian 1 wulan kebak kanggo numuti lomba


          kasebut, dina lomba wis nyedhaki. Aku lan kanca kanca

          luwih semangat anggone latihan kanggo ngolehake kasil

          kang maremake. Sadurunge iku awake dhewe nyiapake

          kostum lan sepatu. Saengga awake dhewe ora keteteran

          ing wayah perlombaan.

               Sawulan  wus  lumaku,  ora  kerasa  sesuk  wis  wiwit

          perlombaane.  Aku  lan  kanca-kanca  ngomong  "waduuh


          sesuk  wis  wektune  awake  dhewe  berjuwang  lomba

          ngupayakake supaya antuk asil kang maksimal". Sawise

          iku awake dhewe isih tetep latian kaya biyasane, latian

          pungkasan  iki  nggawe  awake  dhewe  tansaya  yakin

          anggone  numuti  lomba  kasebut.  Sakabehe  kulawarga

            50            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   56   57   58   59   60   61   62   63   64   65   66