Page 3 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 3
UNGGUL iii
Prawacana
Bismillahirrahmanirrahim
Puji syukur tansah konjuk dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten
kanikmatan mliginipun nikmat sehat, satemah panganggit saged ngrampungaken e-modul unggah-
ungguh basa Jawa kangge klas VIII kanthi lancar saha boten wonten alangan setunggal menapa.
wosipun e-modul punika ngandharaken materi pasinaon ingkang cekak aos satemah pamaos langkung
gampil mangretosi wosipun kanthi cetha. kegiyatan wonten ing salebeting e-modul saha strategi
ingkang badhe dipun-ginakaken sampun ngetrapaken nilai-nilai ingkang dipunkembangaken. Pramila,
pamaos boten namung mangretosi e-modul minangka salah satunggaling sumber kangge sinau,
ananging ugi wonten pitutur ingkang dipunandharaken saha dipuncawisaken ing salebeting e-modul
punika kangge jangkepi pasinaon.
Ingkang kaping tiga, e-modul punika langkung nengenaken 3 prinsip inggih punika:
1.transmisi antawisipun daring, luring saha lingkungan sumber belajar.
2.interkoneksi antawisipun media kaliyan sumber pasinaon.
3.jumbuhaken nilai-nilai ingkang sae wonten ing pagesangan.
Pungkasaning atur, panganggit ngaturaken sembah nuwun dhumateng sedaya tiyang ingkang
sampun nyengkuyung anggenipun nyerat e-modul punika. Saha atur pangapunten mbok bilih wonten
kalepatan anggenipun nyerat. E-modul punika taksih dereng kawastanan sae, jangkep menapa malih
sampurna. Pramila, panganggit nyuwun pamrayogi saha panyaruwe ingkang tumuju amrih langkung
sae, jangkep saha sampurnaning e-modul punika. Wasana, mugi e-modul punika saged murakabi.
Panganggit
Fitri Nurhayati
Fitri Nurhayati, S.Pd.

