Page 5 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 5

UNGGUL                                                          v












                                            Prasyarat Migunakake Modul








                              Kaprigelan kang kudu disamektakake sadurunge sinau migunakake modul “UNGGUL” yaiku:

                                  1.Para siswa kudu duwe niyat kanthi tumemen supaya antuk hidayah saka Gusti Allah SWT;

                                  2.Nguwasani materi sadurunge kang wis disebutake ing sajroning modul;

                                  3.Bisa migunakake piranti online, media offline, utawa lingkungan sakiwa tengene;

                                  4.Duwe kaprigelan kanthi milih media kang disenengi; saha

                                  5.Modul  iki  digawe  kanthi  nggabungake  pola  pasinaon  online  kanthi  migunakake  internet  lan

                                     pasinaon lingkungan ing sakiwa tengene (tradhisional).








                                            Pituduh Migunakake Modul








                              Tata cara migunakake modul “UNGGUL” yaiku:

                                  1.Anggone nindakake pasinaon adhedhasar modul kudu trep dhateng tata cara kang wis cumawis

                                     ing sajroning buku;

                                  2.Piranti  kang  perlu  disamektakake  kanggo  nyengkuyung  sinau  bisa  awujud  handphone,  tab,

                                     komputer, laptop lsp;

                                  3.Platform  kang  digunakake  ing  modul  “UNGGUL”  iki  awujud  gabungan,  tegesipun  migunakake

                                     daring  (online),  luring  (offline),  utawa  gabungan  (daring  lan  luring).  Mligine  ing  kagiyatan


                                     pasinaon lan pambiji;

                                  4.Media kang digunakake uga mawarna-warna, bisa awujud kamus, TV, radio saha internet;

                                  5.Nggarap gladhen-gladhen kang wis sumadya ing sajroning modul iki.










                                            Andharan Kanggo Siswa








                              Ing modul “UNGGUL” para siswa diajab bisa nguwasani materi bab unggah-ungguh basa ing kelas

                              VIII. Materi iki bisa nggladhi mawarna-warna kaprigelan, yaiku kaprigelan nyemak, kaprigelan maca,

                              kaprigelan wicara, lan kaprigelan nulis. Kabeh perangan mau wis sumadya ing sajroning modul iki.

                              Ewadene, wektu kang dicakake kanggo nyinau buku iki 1 bab padha karo 1 pepanggihan Kegiatan

                              Belajar Mengajar (KBM)  utawa  bisa  dicakake  miturut kahanan  saben  sekolah. Ing  modul iki uga

                              migunakake  basa  Jawa  campuran  utawa  ngoko  lan  krama,  satemah  para  siswa  bisa  gampang

                              mangerteni anggone nggarap.










                                            Lakoning Dwija (Guru)








                              Lakoning guru anggone nggunakake modul “UNGGUL” yaiku nalika para siswa kurang mangerteni

                              pituduh  ing  sajroning  modul,  para  siswa  bisa  nyuwun  pirsa  marang  guru  supaya  mbiyantu

                              ngarahake carane nggarap gladhen kang wis sumadya.








                                          Lakoning Tiyang Sepuh (Pendamping)








                                Lakoning  tiyang  sepuh  anggone  migunakake  modul  “UNGGUL”  yaiku  wiwit  para  siswa  nggarap

                                modul. Tiyang sepuh bisa ndampingi putrane lan paring panyengkuyung awujud semangat, beya lsp.

                                Kejaba iku, tiyang sepuh uga bisa mbiyantu guru nggatekake siswa nalika sinau ing ngomah.


















                                                                                                                                                                              Fitri Nurhayati, S.Pd.
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10