Page 10 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 10

UNGGUL                                                          4








                                 3.   Tata Krama lan Unggah-ungguh Nyuwun Kawigaten (Meminta Perhatian)

                                       Tata krama lan unggah-ungguh nyuwun kawigaten (meminta perhatian) biasane menawa arepa

                                 tur  wara-wara.  Coba  gatekna  pambiawara  ana  ing  sekolah,  masjid,  kampung  lan  papan  liyane.

                                 Menawa ngadhepi langsung kudu ngetrapake tata kramane.




                                 Gatekna tuladha kanthi irah-irahan “wara-wara” iki!

                                                                                                      Wara-wara


                                 Nalika wulangan basa Jawa ing klas wolu, keprungu swara lawing dithothok. Bu Sinta kang lagi

                                 ngasta ing kelas nuli noleh asale swara. Katon ing kono Deni lan Danang. Bocah loro kuwi nyuwun

                                 palilah arep menehi wara-wara ing klas wolu A.

                                 Deni        : “Nuwun sewu Bu, keparenga kula nyuwun idi palilah badhe nyukani wara-wara dhateng

                                 kanca-kanca klas wolu A.”

                                 Bu Sinta : “Oh iya mas. Mangga. Bocah-bocah padha digatekake iki kancamu arep menehi wara-

                                 wara.”

                                 Deni       : “Sugeng siyang kanca-kanca. Kepareng aku nyuwun kawigatenmu sedhela marang kanca-

                                 kanca pengurus IPM ing klas wolu A yen mengko sakwise rampung pasinaon dak suwun kumpul

                                 ana  ing  ruang  IPM  saprelu  ngrembug  kegiyatan  Milad  sekolah  sing  kaping  65.  Mangkono  wara-

                                 wara saka aku sakanca awit kawigatene aku ngaturake matur nuwun.”


                                 Sakwise  rampung  anggone  menehake  wara-wara,  Deni  lan  Dhanang  banjur  ngaturake  panuwun

                                 marang Bu Sinta, guru kang ngasta ing klas wolu A. Deni lan Danang nyuwun pamit kanthi sopan.




                                 4.    Unggah-ungguh kanggo Aweh Pangalembana/Ngalem (Memuji)

                                       Pangalembana marang kanca, sedulur lan sapa wae mujudake srana kanggo aweh panjurung

                                 utawa  panyengkuyung  (motivasi,  semangat)  tumrap  pawongan  kasebut  supaya  tansaya  mempeng

                                 anggone  sinau,  gladhen  lan  kupiya  apa  wae  kanggo  nggayuh  pepinginane.  Sakliyane  iku  kanthi

                                 pangalembana awake dhewe duwe rasa preduli marang liyan (peduli/simpati/empati) mula ora ana

                                 alane menawa awake dhewe gelem aweh pangalembana marang wong liya.




                                                                                                   Lomba Sesorah


                                         Ana  sangarepe  kaca  lemari,  Ratri  tansah  umak-umik.  Kadhang  kala  sirahe  melu  gela-gelo.

                                 Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.

                                 Bu Wasita:”Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa?

                                 Kok ya nganggo mic barang”.

                                 Ratri         : “Bu, kula punika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah punika

                                 dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula kepengin sanget tumut lomba punika”.

                                 Bu Wasita: “Wah yen ngono bener kowe Ratri, yen kowe kepengin melu lomba kowe kudu sregep

                                 latihan supaya anggonmu sesorah bisa becik”.

                                 Ratri         : “Inggih, Bu nanging kula punika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih-milih


                                 tembung ingkang sae tur inggih leres, Bu”.
                                 Bu Wasita: “Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan aiki isih pinter sesorah”.


                                 Ratri         : “Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun dipun gladhi

                                 kalihan bapak”.

                                 Bu Wasita: “Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan

                                 nyoba  luwih  dhisik.  Dadi  yen  mengko  bapakmu  kondur,  mung  kari  mbenerake  lan  nambah

                                 saperlune wae”.

                                 Ratri                  :  “Kasinggihan  Bu,  ancas  kula  pancen  mekaten,  mugi-mugi  kemawon  bapak  enggal

                                 kondur saking Jakarta nggih, Bu.”


















































                                                                                                                                                                              Fitri Nurhayati, S.Pd.
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15