Page 12 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 12

UNGGUL                                                          6






                                                   GLADHEN 2





                                        Gawea  ukara  sing  isine  nyuwun  pangapura.  Dene  sebab  kaluputane  goleka  dhewe,  umpamane

                                        amarga telat, ora nggawa buku, ora nggunakake tata krama lan unggah-ungguh sing bener, lsp.


                                        Garapen migunakaken link ing ngisor iki :









                                        utawa bisa scan barcode ing sisih tengen:









                                7.    Unggah- ungguh Wong Micara

                                     Apa para siswa wis tau krungu unen-unen “Ajining diri gumantung saka lathi”? Menawi sampun,


                                apa tegese? Unen-unen kasebut duwe teges mbok bilih wong kuwi diajeni utawa boten gumantung saka

                                pangandikane/omongane. Pramila omongan karo wong liya ora waton guneman, ananging ana unggah-

                                ungguhe. Bab ingkang kudu digatekake nalika micara yaiku:

                                      omongan ingkang bener, aja guneman ingkang boten prayoga;

                                      omongan saprelune wae, ora kudu nggladrah/ngambra-ambra;

                                      aja nyela omongane wong liya, ditunggu nganti rampung;

                                      aja gampang nyacad lan maido tumrap pamanggih/pendapate wong liya;

                                      menawa ana pendapate wong liya kang ora gumathok kalih pendapate dhewe becike digatekake saha

                                      dikurmati;

                                      menawa  arep  ngandharake  pamanggih/pendapate,  becike  nyuwun  ngapunten  langkung  rumiyin,

                                      umpamane:


                                      “Nuwun sewu, menawi pamanggih kula mekaten...”

                                      “Nuwun sewu, yen pamanggihku mangkene...”




                                8.   Nelakaken Sarujuk/ Boten Sarujuk

                                     Apa kowe wis tau ora sarujuk/setuju kalih pamanggih/pendapatr wong liya? Kepiye carane anggone

                                nelakake/mujudake  rasa  ora  sarujuk/setuju  kalih  wong  liya?  Ugi  kepiye  carane  nelakake  rasa

                                sarujuk/setuju  marang  pamanggih/pendapate  wong  liya?  Becike  anggone  nelakake  rasa  ora  sarujuk

                                marang pamanggih/pendapate wong liya kudu dikantheni unggah-ungguh kang trep supaya wong liya

                                ora  lara  ati/tatu.Pacelathon  ing  ngisor  iki  kaparagakna  kaliyan  bapak,  ibu,  kakang,  adhi,  utawa

                                kulawarga liyane kanthi sae.

                                Bambang : “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu ngendikane pak Basuki mau awan ta?”


                                Suryadi   : “Iya, uwis. Apa bab sinau klompok?”

                                Jatmika   : “Bener, mumpung UN isih sawetara wektu, becike awake dhewe gawe kelompok belajar.”

                                Andika   : “Yen mangkono Bambang wae sing mbagi klompok, wong dheweke ketua kelas, rak ya apik

                                ta?”

                                Jatmika   : “Nanging dhasare milih klompok apa? Apa sebab omahe cedhak?”

                                Yunita     : “Aku duwe panemu yen anggota klompok kudu ana sing pinter, dadi bisa marai kancane, lan

                                cacahe kudu ganjil, aja mung cedhak omahe. Lha yen panemune kanca liyane piye?‟

                                Purwani  : “Wah, sakjane aku setuju nanging sing pinter omahe adoh-adoh kepriye? Apa ora adhedhasar

                                omahe sing cedhak wae, supados gampang anggone komunikasi? Sing pinter kudu gelem ngalah.”

                                Andika     : “Ngono ya apik, upamane ing klompok kuwi ana soal sing ora bisa dirampungake, bisa takon

                                marang klompok liyane. Rak ya ngono ta?”


                                Purwani  : “Bisa uga matur marang guru, supados kersa rawuh ing panggonan olehe sinau klompok.

                                Piye? Rak cocog ta?”

                                Bareng      : “Ya, aku cocog.”

                                Yunita     : “Yen ngono Minggu ngarep sinau klompok enggal diwiwiti, mengko aku sing gawe ketikan

                                jadwal lan anggota klompoke, kowe kabeh dakwenehi yen wis dakfotokopi.”

                                Suryadi     : “Ya wis, apik kuwi lan muga-muga wae kanthi sinau kanthi klompok iki, biji UN besuk apik

                                lan maremake.”

                                Andika      :  “Amin. Ya muga-muga wae. Ayo saiki bali, sesuk rembuge dibacutake.”

                                Bareng      :  ”Ya, ayo…. Ayo.”




                                     Dudutan saka teks pacelathon kasebut yaiku nelakaken raos boten sarujuk. Saperangan siswa duwe


                                pamanggih kelompok dipunperang adhedhasar siswa ingkang pinter. Siswa kang jenenge Yunita boten

                                sarujuk menawi kelompok dipunperang adhedhasar griya ingkang cedak. Siswa kasebut nelakaken raos

                                ora sarujuk kanthi sopan saha dikantheni pendapat/pamanggih ingkang gumathok.








                                                                                                                                                                              Fitri Nurhayati, S.Pd.
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17