Page 17 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 17
UNGGUL 11
KEGIATAN 2
Peserta didik mencari informasi tentang
unggah-ungguh
Para siswa sadurunge miwiti pasinaon ing kegiatan 2, coba gatekna video film pendek ing ngisor
iki!
TATA KRAMA LAN UNGGAH-UNGGUH BASA
A. Pangertosan Tata Krama lan Unggah-ungguh Basa
Tata ateges becike pangetrap mawa pranatan sing becik. Krama ateges pratingkah, patrap, ucap,
pratingkah/tumindak, solahbawa, tata pranatan kang becik, subasita. Bahasa Indonesiane tingkah laku
utawa sikap. Wondene unggah-ungguh basa tegese cara migunakake undha-usuk utawa tataran
tembung sing trep lan bener karo unggah-ungguh basane.
Ngetrapake unggah-ungguh basa Jawa ateges migunakake tataran tembung kanggo ndhapuk ukara
miturut sapa sing migunakake lan manut wujude unggah-ungguh basa. Tataran tembung kaperang
dadi tembung ngoko, krama lan krama inggil.
1. Basa Ngoko
a. Basa Ngoko lugu
Kabeh tembung migunakake tembung tataran basa ngoko.
Tuladha:
1) Kowe sesuk ana ngomah?
2) Mengko sore, akua rep tuku buku ing Gramedia
3) Mbak, akua rep pamit mara ing ngomahe Rina, arep nyilih buku.
b. Basa Ngoko alus utawa ngoko andhap
Tataran tembunge migunakake basa ngoko, basa krama lan krama inggil.
Tuladha:
1) Ibu, apa sesuk ana dalem?
2) Mengko sore, Bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia
3) Ibu aku pamit arep sowan ing daleme Bu Guru, arep ngampil buku.
2. Basa Krama
a. Basa Krama Lugu
Kabeh wujude tataran tembung basa krama. Biasane digunakake basa ing desa, ing pasar-pasar.
Tuladha:
1) Sampeyan mang mriki sedhela!
2) Sampeyan benjang ten griya?
Fitri Nurhayati, S.Pd.

