Page 13 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 13
UNGGUL 7
9. Nyaruwe Wangsulan Ingkang Boten Sae Ing Lingkungan Sekolah lan Maringi Semangat
Ing Lingkungan Sekolah
Tekaku telat
Kaya padatan, esuk kuwi kabeh wis arep nindakake kewajibane dhewe. Bapak tindak kantor dene putra-
putrane budhal sekolah. Bapak nitih sepedha montor. Dene putra-putrane namung numpak sepedha.
Sasampunipun nyuwun pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah.
Widada mboncengake Widaningsih, Widati nyepedha dhewe.
Widati : “Mas, banku nggembos…..kados pundi niki?”
Widada : “Ya wis yen mangkono, Dhik Wid nganggo sepedhaku mboncengake Dhik Ning. Dene aku sing
nambalake banmu, wis kana budhala dhisik.”
Sarehne kudu nambalaken ban sepedha, Widada tekane telat kahanan sekolahe wis sepi, Widada
dikendel-kendelake matur marang Pak Suhadi guru Matematika sing wektu iku lagi ngasta.
Widada : “Nuwun Pak….kepareng kula matur.”
Pak Suhadi : “O, kowe Widada, kene mlebu, napase ditata banjur lagi matur. (Widada matur alon
nanging cetha, tangan ngapurancang, sirah ndingkluk)
Widada : “Nyuwun pangapunten, kula telat awit kedah nambalaken ban rumiyin, kula nyuwun idin
mlebet.”
Pak Suhadi : “O, ya. Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana sanajan manungksa wis ngati-ati. Ora
ana sing bisa nolak alangan.”
10. Nelakaken Pangajeng-ajeng/ Donga wonten ing Lingkungan Sekolah
Apa kowe wis tau duwe angen-angen utawa harapan? Upamane angen-angen entuk juara 1 lomba
maca geguritan. Utawa nyaosi donga kanggo kancane kang nembe arep maju lomba? Kabeh kuwi mau
ana unggah-ungguhe. Aja nganti ukara kang kok aturke kleru utawa gawe tatu atine liyan. Gatekna
materi iki.
DHISIPLIN
Dina Senin, upacara bendhera wis diwiwiti nanging Guntur keri. Dheweke bingung banget jalaran
wedi yen didukani. Dumadakan Pak Biyanto Guru BK (Bimbingan Konseling) katon. Guntur ditimbali
lan didhawuhi melu upacara saka kadohan. Anwar, Anis, Boni, lan Wartana uga padha telat. Sawise
upacara rampung bocah-bocah mau didhawuhi mlebu ing ruang BK.
Pak Biyanto : “Bapak ora duka. Ayo padha lungguh sing jejeg! Mesem apa ngguyu” (Pak Biyanto
mbombong bocah-bocah).”
Anis : “Kula sedaya lajeng didhawuhi punapa Pak ?”
Pak Biyanto : “Coba wedang putih ing gelas-gelas kaegawanen mrene. Padha ngelak ta?
(Anis njupuk wedang putih, sagelas dicaosake Pak Biyanto, patang gelas dicawisake kanca-kanca.Bareng
wis padha ngombe raine katon sumringah).
Pak Biyanto : “Kepriye, anggonmu padha arep matur Bapak?”
Anis : “Kula sedaya rumaos lepat, Pak! Mugi-mugi Bapak kersa maringi pangapunten.
Salajengipun kula sedaya badhe nindakaken dhawuh saha netepi aturan upacara kanthi sadhar saha
tanggel jawab dhateng pribadi. Boten badhe kasep malih”.
Pak Biyanto : “Bener! Dhisiplin kuwi kudu metu saka rasa tanggungjawab pribadi. Tumindak
dhisiplin amarga saka rasa wedi utawa amarga ana sing ngawasi iku ora apik lan ora sehat. Sebab yen
duwe rasa ora wedi utawa ora ana sing ngawasi mesthi bakal tumindak sakarepe dhewe sanajan ngerti
ana aturan. Tumindak dhisiplin kudu metu saka rasa tanggung jawab pribadi lan metu saka prentuling
ati. Mula ana sing ngarani dhisiplin mental. Ha… ha…ha.”
(Pak Biyanto gumujeng karo nyalami bocah papat ganti-ganti).
Wartana : (Karo noleh marang Boni) “Bon aku tak ganti takon kowe! Bapak guru sing disiplin
Kuwi sapa?”
Boni : “Nuwun sewu Pak, ya Pak Biyanto iki”
Anis : “Apa alasane?”
Guntur : “Alasane cetha, awake dhewe nerak aturan, ora didukani. Malah diparingi wedang,
mari ngelak, ora mnagkel, nanging … kapok ! (ha…ha… kabeh padha ngguyu, sing oramung Pak biyanto)”
Pak Biyanto : “Sembrana, wis kana padha mlebu kelas!” (Bocah-bocah nuju kelase dhewe-dhewe
karo keduwung nanging bungah)
Fitri Nurhayati, S.Pd.

