Page 15 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 15
UNGGUL 9
13. Unggah-Ungguh Atur-atur
Atur-Atur
Wonten ing bebrayan Jawa ana kang nembe duwe gawe. Adat nalika ngaturi sanak sedulur supaya kersa
rawuh paring donga. Wonten ing acara kasebut ora kesupen kang duwe gawe nganakake slametan kang
diarani among-among utawa kendhuri saha adate jaluk tulung marang tiyang enom.
Ngaturi rawuh wong liya wonten ing hajatan kuwi ugi saged kanthi lisan saha kanthi undangan
(ulem). Tembung atur-atur duwe teges ‘ngaturi rawuh’. Atur-atur duwe ancas ngaturi utawi ngulemi
wong liya supaya kersa rawuh ngrawuhi acara.
Unggah-ungguh atur-atur
uluk salam kaliyan ndhodhog lawang
ngagem busana ingkang pantes kaliyan sopan
tata krama ingkang sae
migunakaken basa ingkang sae
Bakune wicanten atur-atur
Kula nuwun
Sasampunipun pinanggih wilujeng kepareng kula matur Bapak/Ibu..
Sowan kula mriki dipunutus Bapak/Ibu…
Panjenengan Bapak/Ibu…mangke/benjang (wektu) kaaturan rawuhipun wonten dalemipun Bp/Ibu…
(kagungan kersa)
Mekaten anggen kula matur wonten kirang langkungipiun nyuwun panganpunten
pamitan
Tuladha Atur-Atur Kendhuren
Budi : “ Kula nuwun”
Pak Toni : “ O, Mas Budi kene-kene lungguh”
Budi : “ Inggih pak maturnuwun”
Pak Toni : “ Wah kok njanur gunung ana wigati apa iki?”
Budi : “ Kepareng kula matur Bapak, ingkang sepisan sowan kula mriki tuwi kawilujenganipun
Bapak. Dene kaping kalihipun kula dipunutus Bapak Sarmidi, panjenengan dipunaturi rawuh wonten
dalemipun mangke bakda maghrib saperlu kendhuri tasyakuran nikahanipun Mbak Siti kaliyan Mas
Joko.”
Pak Toni : “ Iya Mas, aturmu tak tampa, matura Pak Sarmidi yen ora ana alangan aku dak sowan
mrana.”
Budi : “ Inggih pak, salajengipun kula nyuwun pamit, menawi anggen kula matur wonten kalepatan
kula nyuwun pangapunten.” (sinambi salaman)
Fitri Nurhayati, S.Pd.

