Page 14 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 14
UNGGUL 8
Ukara kangge nelakaken pangajeng-ajeng/ donga umpaminipun:
“Mugi – mugi .....”
“Muga – muga....”
“Pangarep- arepku.....”
“Panjalukku....”
11. Nelakaken Raos Remen/Bungah
Jam setengah pitu Firda budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit bapak lan ibune. Nalika pamitan,
astane bapak lan ibune diambung. Dina kuwi ora kaya adat sabene. Firda diparingi dhuwit bapakne
sepuluh ewu rupiyah supados dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah Firda seneng
banget. Tembunge, “Matur nuwun Pak.” Astane bapakne diambung maneh. Ulate seneng sumringah.
Bapake dhawuh, ngendikane, “ Ya, padha-padha. Sinaua kang sregep supados pinter.” Satekane ing
sekolahan Firda crita marang kancane. “Wah, marem aku, seneng aku. Dina iki aku diparingi dhuwit
bapakku kanggo tuku piranti tulis.”
Manawa wong kanggonan rasa seneng, lumrahe banjur ngucapke ukara isi pangalem dikantheni
polatan sumeh, nyenengke, kebak rasa kabagyan, lan bombong ing ati.
Tuladha ukara nelakaken raos remen/bungah upamane :
“Hore, Simbah rawuh!”
“Aha! Aku diparengake plesir ing Kraton
“Wah begja aku, bijiku entuk 10!
“Marem aku, ngrungoke swaramu kang gandem
“Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Taman Sari
12. Nelakaken Raos Bela Sungkawa
Apa kowe wis tau nemahi kanca/sedherek kang lagi nandhang duka? Adate amarga ana salah
satunggale kaluwarga kang seda/tilar donya. Mula anggone ngeyem-eyemi atine kanca/sedherek kudu
nggunakake tata krama lan unggah-ungguh dikantheni raos dherek bela sungkawa sinambi nyaosi
donga.
Bela sungkawa yaiku raos melu ngrasake duka tumrap wong liya amarga nembe nandhang duhkita
ditilar kulawargane seda. Kanggo mangertosi kepiye ature raos bela sungkawa, gatekna teks pacelathon
iki.
Sawijining dina mirengaken kabar menawi simbahipun Rini seda. Kanca-kanca sesarengan takziah saha
asung belasungkawa.
Ambar : “ Wis krungu kabar menawa simbahe Rini seda?”
Intan : “Uwis. Jare simbahe gerah sepuh wong yuswane
wis 70 taun. Ayo padha bareng-bareng angone
takziah.”
Ambar : “Ya ayo!”
Ing omahe Rini
Intan : “Rini, aku sakanca ngaturake ndherek belasungkawa
ya. Muga-muga simbahmu seda kanthi husnul
khotimah.”
Rini : “ Ya maturnuwun ya kanca-kanca. Muga-muga aku
sakulawarga kuwat lan eklas nampa pacoban iki.”
Fitri Nurhayati, S.Pd.

