Page 3 - E MODUL INTERAKTIF SERAT WEDHATAMA
P. 3
A. Serat Wedhatama
Gambar KGPAA Mangkunagara IV
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut
kamus kawi-indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese
ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese
tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha''
tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak.
Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot
tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe
ana limang pupuhTembang macapat iku tembang tradisional ing tanah Jawa. Tembang
macapat iku kalebu salah sijine kasusastran Jawa kang adiluhung, akeh piweling lan
piwulang luhur kang ana ing sajrone tembang macapat. Mula saka iku, tembang
macapat kudu tansah dilestarekake lan dingrembakakake.
Ing jaman saiki, akeh generasi mudha kang ora mangerteni lan ora bisa
nembang macapat. Kamangka ing sajroning tembang macapat iku ngemu piwulang apa
dene pitutur luhur kang migunani tumrap uriping manungsa.
Tembang macapat akeh digunakake ing saperangan Sastra Jawa
Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, paugeran ing
tembang macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar kayata Serat
Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, lan Serat Kalatidha dirakit
nganggo tembang macapat.
1. Pupuh-pupuh Serat Wedhatama
Pupuh yaiku pirang-pirang tembang, nanging sajinis utawa kumpulaning tembang
sawarna. Sajrone Serat wedhatama ngemu tembang macapat yaiku pangkur, Sinom,
Pocung, Gambuh lan kinanthi. Dene cacahe pupuh kabagi kaya ing ngisor iki:
Serat Wedhatama
Pangkur Sinom Pocung Gambuh Kinanthi
14 pada 18 pada 15 pada 35 pada 18 Pada
( 1-14) (15-32) (33-47) (48-82) (83-100)