Page 19 - Thukul Ing Lemah Nela
        P. 19
     Thukul ing Lemah Nela
                         MENYANG TEMPURAN
                                     AQa
              W
              W
                            anci ketiga ngerak panase semelet nganti
                            tekan  njerone  mbun-mbunan.  Suket-
                            suket  ing  sakiwa-tengene  dalan  wis
                            padha  sambat  ngelak.  Pok-poke  wis
              padha garing nganti tekan oyod-oyode, kari pucuke siji
              loro sing ijo. Malah wit maoni cedhak kretek Srandhil
              kae  godhonge  wis  padha  terek,  pange  uga  garing
              sambat kelaran.
                  Ing  dalan  iki  wis  ora  ana  maneh  wit-witan  sing
              kena kanggo ngiyup saka panase srengenge sing kaya-
              kaya kelet neng mbun-mbunan. Malah pang sing kari
              turahan godhong loro sing manglung neng dalan saiki
              wis ilang, tipete ditegor wong kanggo kayu obong. Ing
              kiwa tengen dalan kari tunggak-tunggak wit kang uga
              wis padha garing mekingking.
                                                   11 | Menyang Tempuran





