Page 16 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 16
Thukul ing Lemah Nela
Emprit sing kejatah ngatur. Emprit dadi pimpro
kanggo ndandani dhukuhe. Ora let suwe dhukuh
Pringpitu wis kencar-kencar, banyu kari muter kran,
omah-omah sing maune gedheg saiki salin tembok.
Dalanan sing maune lemah saiki wis dipaving kabeh.
Saben omah kejatah isen-isen pepak, jumlah lan
modhele ya padha. Saben sasi kabeh oleh jatah. Patuta
kari ongkang-ongkang dhuwit mara dhewe.
Suwe-suwe kabeh sawahe padha tambah. Nanging
ati lan jiwa sing dedunung ing kono ora owah. Ati lan
jiwa kang isih njunjung guyub rukun. Ajen ingajenan
antara siji lan sijine. Wong-wong sing mara menyang
dhukuhan diajeni lan dilayani.
Awan kuwi ana wong teka ngelungake map abang
marang Kanciludin. Dibukak isine sertifikat omah
kanthi jeneng dheweke. Omah mewah ing kutha,
kathik ukuran gedhe.
“Griya niku kangge sinten?”
“Inggih kangge panjenengan,” wangsulane wong
sing nganggo hem safari rupa semu biru.
Nganti tamune bali, map abang isih temumpang
meja. Kanciludin ora nggagas, kanggone apa sing wis
ditampa saiki luwih saka cukup malah turah-turah.
Malah omahe sing saiki dirasa wis ngalahake apike
kraton. Tangga-tanggane ya wis ora kaya biyen urip
sing sarwa kekurangan. Lan maneh anak bojone kalebu
wong ndesa, urip neng kutha mesthi ora bisa. Iline
getih wis kadhung nandhes cedhak watu, najan adoh
ratu ora apa. Malah dinane iki akeh para ratu-ratu
Supriyoko | 8