Page 13 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 13
Thukul ing Lemah Nela
“Dhe Kancil ajeng teng pundi?” takone Emprit.
“Lho, awakmu kabeh ya arep nyang endi?”
Dheweke ganti takon.
“Nggih badhe leb,” wangsulane Jangkrik.
“Nggih leb teng sabin, ta,” wangsulane Emprit lan
Angkrang bareng.
Dheweke mlenggong nyawang Emprit. Bingung
lan bingung karo kedadeyan sing dialami. Emprit,
Jangkrik, Angkrang, Mbah Baya, sing bisa disawang
liwat sunare rembulan kang mbrobos ing sela-selaning
pang lan godhong asem. Kabeh ing sangarepe
disawang munyer. Lintang rembulan uga munyer.
Wusana peteng lan peteng. Apa sing dialami embuh
ora weruh, mripate melek nanging dheweke wis neng
amben lan dirubung karo tangga-tanggane.
“Dhe Kancil wis sadhar.”
“Alhamdulillah, Kang Kancil awakmu sadhar,”
kandhane Derkuku.
“Ombenana teh anget neng sandhinge bojomu,”
kandhane Mbah Manyar marang sing wedok. Bubar
ngombe dheweke lungguh neng lambene amben galar,
tangga-tanggane ngrungokake critane. Kabeh sing
neng kono uga gumun lan bingung. Ibarate mlaku
kelangan keblat, kaya enthung endi elor endi kidul.
Sawah sing wengi kuwi ora dilebi, esuke kabeh
megung banyune. Semono uga sawahe dheweke.
Saiki sawahe Kanciludin wis ora kena diarani
sawah, awit wis ganti kaya dene blumbang kanthi
5 | Sigar Jambe