Page 84 - THUKUL JADI_Neat
P. 84
Thukul ing Lemah Nela
Mandheg mangu angen-angene Lilik lan Ratimin
marang sms saka Mas Di, sida dikandhakake
mbakyune apa ora. Yen dikandhakake samar yen
mbakyune melu kaget, yen ora genah perkara omah iki
ora ana lerene.
Ndilalah HP-ne Lilik muni, disawang sing ngebel
Mas Di. HP mung disawang, ora wani mijet apa maneh
mangsuli. Bojone lan mbakyune bisane mung pandeng-
pandengan lan unjal napas.
“Bel saka Kasdi?”
“Iya, Mbak.”
Wusana HP sing mangsuli Mbak Las. Suwe
anggone kandha, Ratimin lan Lilik ngrungokake kanthi
ati kang nar-nir. Amarga mbakyune mung cekak-cekak
anggone mangsuli.
“Wo ngono ta genahe, kok jebul isih apik atine
adhimu Di,” kandhane Mbak Las ing pungkasane
rembug.
HP karo Mbak Las diseleh ing meja banjur
dheweke crita apa sing dikandhakake karo mase. Yen
sasuwene iki sing nggawe pokal-gawe iku saka bojone
mase. Dheweke arep ngehaki omah kuwi, lan saiki
bojone mase kecekel pulisi merga ngapusi nasabahe.
Bisa ucul saka paukuman yen ana jaminan dhuwik
kanggo ijol marang nasabahe iku.
“Pun gampil niku mbak, arta saking pak lik saged
kangge gantos.”
Dumadakan wong telu kaget weruh Mas Di wis
ngadeg ing tengah lawang pawon. Ratimin lan Lilik
ngadeg, gage kekarone dirangkul karo Mas Di.
“Apuranen aku dhik … Apuranen aku ….”
dQD
Supriyoko | 76