Page 89 - THUKUL JADI_Neat
P. 89
Thukul ing Lemah Nela
“Jajal iki ombenana banyu saka Mbah Saleh, Tin,
anakmu,” Tanpa daknyana Lik Ginah teka.
Kanthi semu dakpeksa anakku dakombeni banyu
putih ing gelas saka Lik Ginah. Sacecepan banyu
disemburne nganti raiku teles kabeh. Anakku saya
budi. Aku ora kurang akal, banyu iku mau dakle-
bokakake dhot. Tujune anakku gelem, saya suwe tangis
lan polahe suda banjur merem ing gendhongan ibuke.
“Jajal renea!” pangundange Lik Ginah marang
aku.
Karo ngusap luh sing isih dleweran aku nyedhaki
Lik Ginah lan crita larah-larahe kedadean sing lagi wae
dakalami. Krungu kandhaku mau Lik Ginah lan wong-
wong sing isih ana ing omahku manthuk-manthuk.
Nanging manthuk kang mesthi kanthi kebak pitakonan.
Mesthine ana sing ngandel, ana sing ora, malah kira-
kira ana sing ngarani aku wis edan. Pancen wektu iku
sing katon genah lar merak ing ndhuwur lemari pawon
obah kaya dene obahe reyog gladhen.
Nanging kanggoku iku ora penting, sing penting
anakku wis merem ora budi maneh. Aku wae sing
weruh saklebatan rasa mengkorog patuta durung bisa
ilang, apa maneh anakku. Mula yen nangise kaya
ngono kuwi ya lumrah, jenenge bocah lagi karo tengah
taun.
“Pak sesuk-sesuk yen neng Yu Prenjak anakmu aja
kokjak.”
Aku manthuk. Manthuk sing kaya dene paku bumi
sing kanggo cagak kreteg kali kulon desa.
Bengine ana wong sing dhodhog-dhodhog lawang.
Karo mbukak lawang panyawangku tanpa kedhep
weruh Yu Prenjak ngadheg karo nggawa kemul lan
81 | Lar