Page 91 - THUKUL JADI_Neat
P. 91
Thukul ing Lemah Nela
apikana, nggawea kamar cilik ing kono kowe saanak
bojomu yen shalat ing kono.”
Tekan omah dakongak kamar, isine anakku,
bojoku lan Yu Prenjak sing wis padha turu kepati.
“Awake dhewe turu klasa kene wae, Man.”
Sesuke sida aku nggugu apa kang dikandhakake
Tarman. Bata, wedhi, semen daktekake. Tukange ya
Tarman dhewe. Buke bocah-bocah tekok kanggo apa
kuwi, wangsulanku ya cekak kanggo mushola.
Nganti telung dina anggone tandang gawe lan uga
sasuwene iku Yu Prenjak kandha yen arep turu kene.
Malah ingon lan opahe Tarman Yu Prenjak sing
nyepaki. Dakpenggak kaya apa wae tetep ora empan.
Pancen sasuwene telung dina tandang gawe,
anakku sing cilik iki kelet banget karo Yu Prenjak. Yu
prenjak ya katon bungah.
“Iki pegaweanmu wis rampung, aku engko turu
omahku dhewe,” kandhane Yu Prenjak nalika aku
ngancani Tarman mangan.
“Lha nyapa Yu, kok ora dijangkepi nganti
sepasar,” kandhane Tarman karo ngguyu.
“Omahku saiki wis suwung, sapa sing arep nuroni
yen ora aku. Lan iki Man takcadhong.”
Tarman ora kumecap, manthuk mung batine sing
ngomong. Lan ya mung Tarman dhewe sing ngerti apa
kang dikandhakake. Semono uga , batinku kandha kaya
derese banyu udan kang kesok saka langit.
Dumadakan aku njenggirat tangi bareng keprungu
telpon omah muni. Jebul anakku Dhana sing ngebel,
dheweke kandha yen dadi duta seni reyog ing manca.
Karo ngomong aku nyawang piala lan piagam seni sing
jejer-jejer ing lemari kaca cedhak ruang tamu. Ora
krasa luhku netes, anggonku nyengker wadi nganti
83 | Lar