Page 95 - THUKUL JADI_Neat
P. 95
Thukul ing Lemah Nela
Ora antara suwe kanca-kancane ana bocah papat
mara saperlu sinau bareng. Bocah lima padha sengkud
anggone nggarap PR Matematika, yen ana sing ora bisa
Rama sing muruki kanca-kancane.
“OK PR Matematika wis bar, kari Basa Jawa,”
kandhane Hamzah.
“Oklik aku ya wis,” kandhane Yayan karo jungkir
walik neng jogan lemah. Mula ora maido klambine
banjur reged.
“Woalah yan padhakne neng omahmu wae, sing
jogane keramik. Dadak nganggo jungkir walik,
mengko yen didukani ibukmu piye,” Rama kandha
karo semu saja kuwatir.
“Ayo saiki nggarap PR Basa Jawa,” pangajake
Bima.
“Bukuku tugas entek, piye olehku nggarap,”
cluluke Diva.
“Yen entek awakmu gelem ra takwenehi,”
kandhane Rama karo ngelungake buku menyang Diva.
Nyedhaki Asyar wis padha rampung anggone
nggarap PR. Kanca-kancane Rama banjur padha bali.
Mulih saka omahe Bu Lasmi, ibuke nggawa
kresek isi sega karo lawuh. Nanging disawang-sawang
ibuke kok ketoke susah banget. Batine Rama ibuke
paling kesel anggone adang neng omahe Bu Lasmi.
Bengine nalika arep mapan turu weruh ibuke
nangis.
“Ibuk nangis ana apa? Apa Rama salah? Apa
merga mung lawuh tempe lan sega wadhang banjur
Rama ora maem awan. Rama ora maem, merga kanca-
kancane Rama ndang rene padha nggarap PR.”
“Ora le. Ibuk nangis, nanging tangise ibuk iki
tangis seneng nduwe anak kowe ngger. Najan ora
87 | Thukul Ing Lemah Nela