Page 100 - THUKUL JADI_Neat
P. 100
Thukul ing Lemah Nela
“Boten napa-napa, sedaya menika kantun
nglampahi. Lha panjenengan mriki kalih sinten?”
“Kula nggih piyambakan, kula nggih urip ijen.”
wangsulane wong lanang iku karo nampani kacang
neng plastik.
Wong lanang iku banjur nepungake jenenge Pak
Miko, omahe Ngawi. Sarmi mbales nepungake jenenge
lan anake. Lan wusana rembug padha crita ngenani
pribadhine dhewe-dhewe. Karo mangan kacang Pak
Miko bola-bali nyawang Rama sing lagi maca buku
karo lungguh ing pinggir tlaga.
“Kelas pira le bocah bagus?”
“Kelas gangsal, mangga pak menawi kacangipun
malih. Panjenengan mundhut piyambak,” wangsulane
Rama manggakake.
Batine welas nyawang Rama, bocah isih kelas 5
SD wis kudu melu golek sandhang pangan karo wong
tuwane. Bocahe nggantheng, sopan, beda banget karo
anak-anake sing lumuh lan bisane mung ngathung
njaluk dhuwik.
“Bocah kok pinter, najan isih cilik wis bisa nge-
wangi ibuk,” kandhane Pak Miko ngelem Rama.
Pangalembana kang kaya mangkono ora gawe
mongkoge Rama, malah dheweke mangsuli.
“Lha sinten malih ingkang ngrencangi ibuk,
menawi sanes kula?”
Kaya didhodhog atine Pak Miko krungu
wangsulane Rama sing kaya ngono kuwi. Adoh angen-
angen katut iline banyu guwakan tlaga sing mili
menyang kali kidul tlaga.
Saka mesjid cedhak terminal sisih ngisor krungu
swarane adzan Ashar. Wusana Pak Miko kandha yen
uga arep sholat lan ngajak pisan bali numpak montore.
Supriyoko | 92