Page 102 - THUKUL JADI_Neat
P. 102
Thukul ing Lemah Nela
ditampa ing sekolahan, lan bengine nunggoni olehe
sinau. Yen wanci turu kemule nyingkap dibenakake,
yen ana nyamuk bapake sing nyeblek.
Pak Miko karo nyopir kang dirasakake kaya apa
senenge yen dheweke bisa terus kaya ngene. Awor,
urip sesandhingan lan bisa kanggo mbusak memori
peteng nalika omah-omah karo bojone biyen. Kang
ateges bisa ngopeni Rama. Ngopeni anake ateges
ngrabi ibuke. Ah apa ya gelem menawa aku kandha.
Ngandhakake karepe ati.
Nalika mandheg Pak Miko uga mudhun. Tangane
nyalami Sarmi lan Rama. Nalika salaman karo Sarmi,
sing dirasakake kaya dene bocah kang lagi sepisan
ngenal rasa trisna. Dhadhane dheg-dhegan, mung
batine sing nyuwara kebak ing pitakonan. Apa bisa
klakon apa kang dadi karepku iki.
Wong loro pandeng-pandengan, lan wong loro iku
uga sing ngerti tegese. Nanging sing genah kaya dene
piring beling ceblok neng mester ajur kumepyur.
“Kula titip bungkusan ingkang kula seleh teng
senik kacang,” kandhane nalika arep mlebu montor.
Sarmi ora bisa mangsuli kanthi cetha, sing
keprungu tembung matur suwun saka lambene kang
kalah banter karo krodhane ati. Ati wadon najan randha
nemu trisna marang wong lanang sing praupane kaya
bojone. Lan miturut dheweke Pak Miko uga nduwe
rasa trisna marang dheweke. Nanging yen eling anak,
apa bakalan gelem anake yen ibuke rabi meneh.
Tekan omah senik diseleh neng meja pawon.
Sarmi ndhudhah isine senik lan mbukak isine kresek
rupa ireng. Isine jajan lan kertas sasuwek sing isine
tulisan simbok bakul kacang, mapag tekaku. Nanging
ora mung kuwi, isine isih ana maneh yaiku amplop
Supriyoko | 94