Page 98 - THUKUL JADI_Neat
P. 98
Thukul ing Lemah Nela
Durung rampung Rama maca, eluhe ibuke metu
kaya disuntak. Ibu lan anak rangkulan nangis beba-
rengan.Tangis kang nuduhake rasa seneng.
Dina Minggu Rama ngewangi ibuke dodol kacang
godhog neng Sarangan. Ora dingerteni yen disawang
wong lanang sing lagi lungguh neng njero montor.
Dongane wong iku nalika budhal supaya ketemu
maneh karo wong sing bakul kacang keturutan. Awit
sawise ketemu seminggu kepungkur, dheweke ngra-
sakake ana rasa seje ing atine. Kaya ing lagune
Dhalang Poer:
wiwit sepisan aku wis kepancing,
nyawang esemmu lungit pindha jemparing
Pancen ing dina Minggu kepungkur wong iku
menyang Sarangan lan tuku kacang neng ibuke Rama.
Mula bareng dina iki ketemu maneh karo Sarmi lan
anake lagi dodolan kacang, sewu rasa tumplek bleg
dadi siji. Antara rasa trisna lan welas. Welas marang
Rama sing melu wira-wiri melu ngiderake kacang.
Dheweke eling marang lelakon saben dina sing
dialami. Patuta ongkang-ongkang lungguh jigang ora
usah kangelan, dhuwik wis teka dhewe. Nanging donya
brana sing mblegedhu pranyata ora bisa gawe tentreme
anggone omah-omah. Anak-anake angel tatan-tanane,
semono uga bojone. Mula ora mokal wusanane
anggone omah-omah kandheg ing tengah dalan. Wis
telung taun iki dheweke dadi dhudha, anake loro melu
sing wedok. Telung prapat donyane dipasrahake bojo
lan anake sing saiki uga wis rabi maneh karo kanca
nunggal kantor.
Kanggone donya iki wis ora katon endah, isine
mung peteng dhedhet. Ora ana panglipur kanggo atine.
Supriyoko | 90