Page 96 - THUKUL JADI_Neat
P. 96
Thukul ing Lemah Nela
ketunggon bapak, anake wong mlarat, nanging kowe
banget ngerteni marang kahanan iki. Ibuk syukur
banget banget marang Gusti Allah. Mula Rama aja
nakal, aja nyuwun sing neka-neka, lan sing pinter
anggonmu sekolah,” wangsulane karo ngekep anake
lanang.
“Inggih, Buk.”
Nanging sejatine sing dirasakake dening sarmi
luwih dene iku. Iku wangsulan sing digawe-gawe,
supaya Rama ora melu angen-angen apa sing dipi-
kirake. Yaiku nalika ing omahe Bu Lasmi mau ana
sing nyepelekake dheweke. Jare apa bisa randha nye-
kolahake anake nganti lulus SD. Atine kaya diiris-iris,
disabar-sabarake atine najan nelangsa keranta-ranta.
Nganti tengah wengi mripate ora gelem diajak merem.
Kelingan lakon uripe ditinggal mati bojo ditinggali
anak siji.
Esuke nalika anake pamitan arep budhal sekolah,
dheweke nyawang anake kok sajak ana sing beda.
“Le, seragam sing kok enggo iki nggone sapa?”
“Iki sing maringi bu guru, mengko aku arep lomba
maca guritan. Seragam anyar iki ndadekake aku tam-
bah PD.”
“PD iku apa ta, Le? Ibuk kok ora weruh.”
“Percaya diri, Buk.”
“Iki sangune,” kandhane ibuke karo ngelungake
klithikan limang atus siji.
“Boten, Buk! Sangune donga wae muga-muga aku
menang.”
Dongane ibuke dikabulake dening Gusti. Rama
juara siji maca guritan tingkat kabupaten lan bakale
makili ing tingkat propinsi. Tekan omah Rama
dirangkul lan diambungi kanthi rasa trisna lan ora
Supriyoko | 88