Page 97 - THUKUL JADI_Neat
P. 97
Thukul ing Lemah Nela
krasa luhe Sarmi nganti dleweran. Ing batin kandha
kaya apa senenge bapake menawa isih urip lan ngerti
anake dadi juara.
“Wis ta aja nangis, mengko aku ya nangis lho. Lan
iki buk ana piagam, dhuwik lan uga oleh piala gedhe
kanggo sekolahan.”
Ibuke banjur ngeculake rangkulane lan ngusapi luh
sing dleweran nganti tekan pipine. Amplop dibukak
isine dhuwik 500 atus ewu.
“Buk, bu guru mau ngendika iki kabeh kanggo
aku, mengko arep takcelengi. Lan saiki aku arep maca
guritan kanggo ibuk.
Ibu
Dening Rama Fitradana
Jroning dluwang ana crita
Marang sliramu ibu
Wanita sing sulistya kae ibuku
Wanita sing alus astane kae, ibuku
Wanita sing asihe pinunjul tandhing kae ibuku
Ibuku
Sing maes jiwa ragaku
Sing ndhangir lan ngrabuk ilining getih
Sing nglela ledhung saben bengiku
Sing aweh crita tepa tuladha
Wiwit Adam
Crita Ramayana lan Mahabharata
Nganti tumeka jaman ing kana
Tetehku nlusuri lara lapane
Wicaraku gawe esem lan guyune
......
89 | Thukul Ing Lemah Nela