Page 93 - THUKUL JADI_Neat
P. 93

Thukul ing Lemah Nela










                      THUKUL ING LEMAH NELA


                                     AQa


              S
              S
                      armi  nyawang  anake  sing  lagi  turu  kanthi
                      kebak ing panalangsan. Turu neng jogan lemah
                      mung  saderma  lemekan  klasa  amoh.  Kemule
                      ya mung trima sarung suwek, sing wis pantes
              karan gombal. Wektu iku wengine wis nyedhaki parak
              esuk, nanging ewadene mripate ora bisa diajak merem.
              Angen-angene  nglangut  saparan-paran,  nggrantes,
              ngenes ngrasakake urip.
                  Sawise ditinggal mati sing lanang nalika anake isih
              umur  rong  taun,  kanggo  nyambung  uripe,  Sarmi
              direwangi  kerja  apa  wae  sing  penting  kanggone
              dheweke  kalal.  Ora  nerak  pranatane  agama,  buruh-
              buruh  rana-rana  marang  sapa  sing  merlokake  baune.
              Setlika,  umbah-umbah  apa  dene  mepe  buthung  dadi
              buruh  neng  sawah.  Kala-kala  yen  ora  ana  sing
              mbutuhake tenagane, dheweke nggawe jajan gorengan
              diiderake.
                  Tujune  anake  bisa  ngerteni  menawa  dadi  anake
              wong sing  ora  gablek.  Ora nate nduwe penjaluk sing
                                                85 | Thukul Ing Lemah Nela
   88   89   90   91   92   93   94   95   96   97   98