Page 90 - THUKUL JADI_Neat
P. 90
Thukul ing Lemah Nela
bantal uga tas plastik sing biasane digawa menyang
pasar.
“Buk digoleki Yu Prenjak.”
“Endi buke Dhana?”
“Kae Titin ing kamar ngeloni Dhana.”
Yu Prenjak mlebu kamar, aku bablas metu mara
ing omahe Tarman sing lagi wae takkongkon menyang
Mbah Saleh.
“Ayo Man nyang nggonku!”
Tanpa semaur dheweke gage njupuk sarung sing
ngglimbruk ing amben emper, dikalungake ing gulune.
Karo kekancan sunare rembulan tanggal sanga dhe-
weke crita asile saka mbah Soleh.
Jarene nalika anakku pas dakajak mulih saka
omahe Yu Prenjak pas tekan lawang tangane anakku
nyekel lar merak. Merga wujude apik, sing jenenge
bocah mesthi seneng. Nanging ana wewujudan liya
sing kepengin njaluk lar kuwi. Mula ora mokal yen
anakku budi kaya ngono kae. Lha yen nalika Yu
Prenjak diuger kae jare pancen ana pawongan sing
kepengin nyolong lar merak iku nanging ora bisa.
“Lan wong iku awakmu ora perlu ngerti.”
Tanpa nyauri aku mlaku lan panggah ngrungokake
critane Tarman. Lan sedhela-sedhela panyawangku
nyasak langit sing rada kepadhangan saka sunare
rembulan wengi iki.
“Nanging percayaa barang kuwi ora bakal
ngganggu gawe marang kowe sakulawargamu. Gusti
Allah luwih pirsa sapa sejatine kowe lan anakmu.”
“Man saiki Yu Prenjak ing omahku, tekane sangu
kemul lan bantal.”
“Ateges pancen lar kuwi dipasrahake kowe.
Welinge Mbah Soleh, pojokanmu pawon kuwi
Supriyoko | 82