Page 99 - THUKUL JADI_Neat
P. 99
Thukul ing Lemah Nela
Mula yen ngepasi prei diperlokake nglonggarake ati
menyang papan-papan rekreasi kaya ing Sarangan iki.
Ya lagi seminggu iki, dheweke ngrasakake donya bali
endah maneh sawise weruh wong sing lagi bakul
kacang. Rasa seje saya ngangseg-ngangseg, najan uga
ana rasa gumun kok bisa tuwuh rasa trisna marang
wong sing bakul kacang kuwi. Apa maneh yen
nyawang marang Rama, tuwuh panalangsan kang ora
ana pepadhane.
“Wis, Bu,k ayo bali! Kacang sing kari sithik iki
mengko kanggo kanca-kancaku sing sinau bareng
mengko bengi.”
Sarmi durung aweh wangsulan. Dumadakan saka
mburine ana swara wong lanang sing kandha tuku
kacang. Sarmi noleh, nratab atine. Wong lanang sing
kandha arep tuku kacang iku, praupane plek persis karo
jenate bojone. Dheweke ora enggal nyauri, mripate
kethap-kethip. Gawang-gawang nalika bojone isih urip
katon ngegla ing mripate.
“Buk tumbas kacang,” Wong iku mbaleni
kandhane.
“Eng.... enggih,” Sarmi mangsuli kanthi gretholen.
“Kacange kantun sekedhik jane niki kangge sing teng
nggriya.”
“Kangge sinten ta, Buk?”
“Eggih kangge sing teng nggriya lan kangge
kancane yoga kula.”
“Kangge bapake?”
“Kula pun boten gadhah bojo. Bojo kula pun tilar
nalika yoga kula taksih alit,” wangsulane Sarmi karo
rada mbrebes.
“Sepuntene nggih menawi atur kula klentu.”
91 | Thukul Ing Lemah Nela