Page 104 - THUKUL JADI_Neat
P. 104

Thukul ing Lemah Nela

                  Ndilalah  tekan  ngarep  Hotel  Rejeki  panyawange
              gapyuk  karo  wong  sing  digoleki.  Gage  dheweke
              mudhun lan nyedhaki. Ditatag-tatagake atine.
                  “Sarmi,  iki aku sing arep dadi bapake Rama.”
                  Sarmi ora mangsuli, malah sing dirasakake awake
              kelangan  daya,  donyane  munyer  lan  peteng.  Sarmi
              ambruk, nanging ambruke wis ditampani karo tangane
              Pak Miko.
                  Melek byar wis ana ing Puskesmas.
                  “Aku ora meksa, gelem ya?”
                  Sarmi mesem manthuk kalem.


                                    dQD



































              Supriyoko | 96
   99   100   101   102   103   104   105   106