Page 103 - THUKUL JADI_Neat
P. 103
Thukul ing Lemah Nela
sing ora dikeletake. Amplop kuwi dicekel, dheweke
ora wani ndang mbukak. Awit tangane ngrasakake yen
iku isine mesthi dhuwik.
“Buk Pak Miko kae kok kaya potone bapak sing
nyanthel neng gedheg kamar ya?”
Kaget atine ibuke krungu, nganti amplop rupa
putih kuwi ceblok.
“Ibuk kok ketoke kaget, ibuk seneng aku ya
seneng.”
Sarmi ora mangsuli, anake lanang iku banjur
dirangkul. Lan amplop rupa putih iku malah
dikeletake. Awit dheweke isih nduwe rasa pitakonan
kang angel wangsulane, Pak Miko kuwi sapa.
Dina-dina lumaku kaya wingi uni, Sarmi panggah
mbanting raga kanggo ngopeni anake. Najan kala-kala
kelingan isine kertas sasuwek lan amplop putih sing
wis pirang-pirang dina isih diseleh awor lempitan
klambi lemari.
Dina iki dina Minggu, Sarangan rame. Pak Miko
lungguh neng teras hotel karo nyawang tlaga kang
kebak prahu. Panyawange tumuju para bakul sing
padha ngiderake dagangane. Nanging nganti suwe ora
nemokake wong sing digoleki. Dheweke metu lan
mlaku ngubengi tlaga. Nganti bali neng hotel uga
panggah ora nemokake wong sing digoleki. Atine wis
kadhung bingung keterak wuyung.
Gage dheweke ngetokake montore bablas ngetan.
Bola-bali dheweke nyawang bungkusan sing ing
sandhinge. Bungkusan isi minangka tandha mata
kanggo Sarmi lan uga kanggo Rama. Najan kala-kala
atine rangu, apa gelem lan apa gelem nampa iki.
95 | Thukul Ing Lemah Nela