Page 101 - THUKUL JADI_Neat
P. 101

Thukul ing Lemah Nela


              Sanajan Sarmi nolak pangajak iku, nanging Pak Miko
              tetep  meksa.  Kaya  pejabat  negara  wae,  mlebune
              lawang dibukakake dening Pak Miko. Sarmi ora ngira
              yen  dheweke  karo  anake  bisa  numpak  montor  sing
              karan  Honda  Jazz  iku.  Ing  njero  montor  lungguhe
              mung  pucuke  bokong  sing  nemplek  ing  kursi.  Pak
              Miko mung mesem weruh lungguhe Sarmi.
                  Bubar  sholat  sejatine  apa  sing  dialami  dening
              Sarmi,  patuta  nangis  jroning  batin.  Sing  kewetu
              umpama mung umpama. Batine Sarmi umpama bojone
              isih  urip,  najan  ora  sugih  bandha  bisa  sholat  bareng.
              Bubar  sholat  dheweke  lan  anake  sungkem  marang
              bojone. Yen bengi nunggoni anake sinau, golek pangu-
              pa jiwa wong loro. Abot entheng disangga wong loro,
              kang ateges ana kanca kanggo ngesok isen-isene ati.
                  Karo  mlaku  menyang  montor  rasane  ngawang
              kemleyang  ngelingi  kedadean  ing  dina  kuwi.  Rinjing
              isi kacang sing kari sapojokan, rinjing krasa abot neng
              gendhongan.  Tangane  anake  digandheng  kenceng,
              kaya-kaya samar wedi kelangan. Bingung lan bingung
              ngembuleng neng atine, kepethuk pawongan praupane
              memper  bojone,  shalat  bareng  lan  iki  arep  diterake
              mulih numpak montor sing saumur-umur ya lagi kuwi
              numpak  montor  apik.  Nanging  ya  kuwi,  gumune
              geneya nyawang wong lanang sing lagi  dikenal  kuwi
              kaya-kaya wis kenal suwe. Ana rasa seneng, ana rasa
              marem, rasa isin kang jero ngiseni jiwa ragane.
                  Semono uga Rama, batine bocah sing lagi kelas 5
              SD, kaya apa senenge yen isih ketunggon bapak. Najan
              kalebu wong sing ora nduwe, nanging saben dina bisa
              sholat  bebarengan.  Melu  njupukake  pacul  nalika
              bapake  arep  buruh  neng  sawah  utawa  neng  tegal.
              Mulih  saka  buruh  nekokake  wulangan  apa  sing

                                                93 | Thukul Ing Lemah Nela
   96   97   98   99   100   101   102   103   104   105   106