Page 18 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 18
MATERI III
Sesorah
MACA TEKS SESORAH
Maca teks sesorah kang wis sumadya iku mesthi luwih gampang tinimbang atur sesorah
kanthi dadakan . Maca teks sesorah sing baku ik kayata :
1. Maca kanthi premati teks sesorah sing arep ko waca
2. Nenimbang pamiyarsa kudu kajumbuhake karo isine sesorah
3. Ngetrepake babgan satata basa mrang pamiyarsane
4. Menehi tandha kanggo mbedakake antarane pambuka,surasa basa,lan dudutan.
5. Migunakake piranti wujud ulat,obahing awak,paes,busana lan endhek dhuwure titi
laras swara.
6. Pocapan tembung ing ukara iku paugerane migunakake sastra baku.
Atur sesorah kanthi dadakan iku kawruh ing bab surasa lan basa kudu wis ana ing pikiran
.Wujude atur sesorah dadakan kayata asung panglipur (ndongeng,ndhagel )atur pambagya
harja,atur bela sungkowo,nanggapi prastawa kang dumadi lan atur andharan cekak ngenani
sawijining bab.
Wacanen teks sesorah ing ngisor iki kanthi premati!
Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh
Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira
kita sadaya awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban praja ing
desa sidowaras.Ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowras ingkang satuhu binekten.Murwani atur
kula.
Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan
Panjenengan ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan
sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing pakempalan dinten
menika.
Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten
samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola
Virus Disease) utawi EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget
tumraping manungsa ngantos nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken
Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola
ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken sepisanan rikala taun 1976.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang
kaserang virus menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung
(tenggorokan )sakit ing otot bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-
mungkuk (mual ) muntah lan mencret (diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin
ginjel.Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.
Ibu-ibu tuwin para lenggah inking minulyo.
Manawi wonten sanak kadang tuwin tanggi ingkang ngalami tandha-tandha kadoos
andharanipun kula wau,enggal-enggal tindak dhateng dhokter utawi puskesmas sacelak
panjenengan supados pikantuk usada.Ngengingi sesakit Ebola dinten menika dumados
kados pageblugingkang nggegirisi,mila mbetahaken upaya usada ingkang sanget
mirunggan. Boten sedaya Puskesmas menapa dene griya sakit nyumadhyaaken prabotan
kangge penanganan medis.Para pangemban praja enggal – enggal paring seserepan
dhumateng warga ing bab panggenan pundi kemawon ingkang saged katuju saperlu pikantuk
pitulungan ingkang samestinipun saha sarikat rikatipun.
Para rawuh ingkang binekten.
Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita
sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita
sedaya.Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang
saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan katrangan ngengingi