Page 21 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 21

Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh
                           Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira
                         kita sadaya awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban
                         praja  ing  desa  sidowaras.Ibu-ibu  PKK  tingkat  desa  Sidowaras  ingkang  satuhu
                         binekten.Murwani atur kula.
                         Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan
                         Panjenengan ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan
                         sedaya  dinten  menika  pinaringan  bagas  waras  mila  saged  rawuh  ing  pakempalan
                         dinten menika.

                       2.  Purwa basa
                           Isine adangiyah minangka lambaran wosing atur
                         Tuladha :
                         Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang
                         dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut
                         EVD (Ebola Virus Disease) utawi EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika
                         mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos nuwuhaken raja pejah ingkang
                         nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika wonten ing
                         sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken
                         sepisanan rikala taun 1976
                       3.  Surasa basa
                           Isine ngeneni intoning sesorah
                           Tuladha :
                         Para rawuh ingkang kinurmatan.
                           Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang
                         kaserang virus menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong  (demam ) sakit ing
                         gurung (tenggorokan )sakit ing otot bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun
                         kasusul  mungkuk-mungkuk  (mual  )  muntah  lan  mencret  (diare  )  ugi  sudanipun
                         kriyanipun  manah  (liver)  tuwin  ginjel.Dumugi  trap-trapan  menika  tiyang  ingkang
                         kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.

                       4.  Dudutan
                           Isine ngenani pitungkas utawa pangajak marang kang padha rawuh.
                           Tuladha :
                         Para rawuh ingkang binekten.
                           Pranyata  sesakit  Ebola  menika  nggegirisi  sanget  akibatipun.Pramila  mangga  kita
                         sami  nyengkuyung  supados  sesakit  Ebola  menika  boten  ngengingi  kulawarga  kita
                         sedaya.Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang
                         saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan katrangan ngengingi gegayutan kaliyan
                         sesakit  Ebola  saking  televis,radhio,Koran  lan  pepanggihan  –  pepanggihan  kados
                         mekaten menika.

                       5.  Wasana basa
                           Isine atur panutupkanggo mungkasi atur lan salam panutup.
                           Tuladha :
                         Ingkang  pungkasan,cekap  smanten  anggen  kula  matur.Atur  panuwun  kula  ingkang
                         tanpa  pepindhan  awit  kawigatosaan  panjenengan  sedaya.Nglenggana  kathahing
                         kekirangan  wonten  ing  andharan    menika,kula  nedha  agunging  samudra
                         pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal hidayah.
                           Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh

                   NEMTOKAKE POKOK-POKOK ISINE TEKS SESORAH
                           Wacanen maneh teks sesorah ing ngarep!Sawise iku golekana apa bae isine teks
                   sesorah kasebut ! Anngoanmu nggoleki isine teks sesorah iku bisa saka perangan surasa
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26