Page 26 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 26

MATERI IV
                                                      UPACARA ADAT JAWA
                   Wacan Eksposisi yaiku wacan kang ngandharake babagan kawruh utawa informasi.
                   Wacan eksposisi kaperang dadi loro yaiku eksposisi analisis lan eksposisi hortarori.
                       1.  Eksposisi analisis yaiku wacan eksposisi kang negesake panemu kang mbabar
                           wawasan.
                       2.  Eksposisi hortarori yaiku wacan eksposisi kang dudutane di kantheni
                           pangajak utawa panjurung.
                   Ngarang wacan ekposisi Iku nggatekake babagan ing ngisor iki:
                       1.  Nemtokake topic kang bakal ditulis
                       2.  Milih topic dadi poko pikiran
                       3.  Ngembangake saben pokok pikiran dadi paragraph
                       4.  Maca maneh asile karangan kanthi titi
                       5.  Mbenerake Manawa ana kang luput lan njangkepi Manawa ana kang kurang
                       6.  Nulis maneh karangan kang wis dikoreksi.
                   Bab-bab kang kudu digatekake nalika nyunting karangan kaya kasebat ing ngisor iki:
                       1.  Maca saben ukara kanhi nliti apa ana panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang
                           salah.
                       2.  Mbenerake panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.
                       3.  Mbenerake paragraph paragraph kang ora runtut ukarane.
                       4.  Mbenerake gegayutan paragraph siji lan sijine

                   Maca wacan Ekposisi upacara adat Jawa
                                                   Upacara adat Jawa Mantu

                           Ing kawruh kasepuhan kang lumadi ing tanah jawa ana gegaran baku tumrap wong
                   urip.Gegaran  baku  iku  awujud  trap-trapan  urip  manungsa  wiwit  lair  nganti  tumeka
                   pralaya.Uripe manungsa kaperang dadi telu yaiku madu basa,madu rasa dan madu brata.
                           Madu  basa  tegese  ngudi  ing  reh  kabisan  ing  bab  basa.Manungsa  wiwit  lair  kudu
                   nyinau basa utawa sesambungan karo manungsa liyane migunake basa.Trap-trapan kapisan
                   iki  prastawa  wigatine  yaiku  nalika  bocah  dislameti  rikala  lair,diupacarani  mawa  upacara
                   tedhak siten lan di bancaki ing saben dina klairane.Dene pungkasane yaiku nalika bocah
                   ditetaki utawa disunat minangka pralambang si bocah wis resik lair lan batine sarta siyaga
                   njangkah  ing  tataran  urip  kang  luwih  dhuwur.Udakara  bocah  umur  limalas  taun  sibocah
                   kaajab wis trampil ngrakit basa ngoko lan karma manu kahanane.
                           Trap-trapan  kapindho  diarani  madu  rasa.Madu  rasa  tegese  ngudi  rasa  rumangsa
                   yaiku dhasar sesambungane manungsa karo manungsa liyane.Pasrawungan ing jagad cilik
                   wujud bale somah kudu tansah selaras.semono uga pasrawungan ing jagad gedhe wujude
                   bebrayan agung.Siyagane manungsa napaki bebrayan mau kalambangake sarana prastawa
                   dadi manten,urip jejodhohan antarane wong lanang karo wong wadon kang mangun urip
                   bebarengan.Sakloron  kudu  urip  selaras  supaya  nurunake  wiji  manungsa  kang  utama
                   minangka panerus sejarahe kulawarga.
                           Trp-trapan kang pungkasan yaiku madu brata.Madu brata yaiku ngudi kawruh lan
                   ngamalake  panembah  marang  Gusti  Kang  Murba  Dumadi  manut  satatane  agama  kang
                   rinasuk.Panembah  mau  wujude  ora  mung  rikala  ngibadah  manut  tuntuane  agama
                   wae,nanginguga tindak-tanduk ing saben dinane supaya selaras karo dhawuh lan pepacuhe
                   agama.
                           Ing upacara mantu ana rong trap-trapan kang bakal dilakoni.Rong trap-trapan kasebut
                   yaiku madu rasa lan madu brata.Madu rasa tumrap pinanganten,dene madu barta tumrap
                   kang gagunan gawe mantu utawa mantokake putra-putrine.Si penganten perlu diupacarani
                   supaya anggone napaki dina-dina pasrawungane agung nemani rahayu.Tumrapkang duwe
                   gawe mantu perlu diupacarani minangka nindakake puji-puji,pangesthi lan dedonga supaya
                   uripeputra-putrine  tansah
   21   22   23   24   25   26   27   28   29   30   31