Page 27 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 27

karoba  sih wilasaning Gusti Kang Mahakuwasa.Sakarone lelambaran anteping
                   tekad,madhep mantep nedya napaking urip kang luwih becik. Ora katalompe amarga
                   manungsa urip bebarngan mujudak bebrayan mau.mula saka iku upacara mantu uga
                   ngrawuhake para sanak kadang,pamong mitra,perlune kasuwun donga lan panestu
                   supaya si temanten manggih rahayu anggone mangun bale somahSemono uga upacara
                   mantu mau pinaringan lancer,rancag lan rahayu.
                   Bab-bab kang ndayani ing upacara adat mau wujud wiwaha putra-putri minangka temanten
                   mujudake prastawa wigati.wigati tumrap si temanten,tumrap kang duwe gawe mantu lan
                   tumrap Pamuji  supaya  ing  tembe  buri  si  temanten  resik   lair lan batine sadurunge
                   macaki dina dina anyar.Ageman jarik sidomukti kang dianggo temanten kinanthenan
                   pangesthi muga-muga sitemanten besuke nemahi kamukten.Digunakake tetuwuhan tebu
                   ing tarub minangka pralambang anteping           kalbu si temanten anggone arep bebadra
                   urip bebarengan.Isih akeh ubarampe ing upacara adat mantu kang ngandut pralambang-
                   pralambang kang sarwa becik.Kabeh laku kang ditindakake ing upacara mau dening
                   masyarakat Jawa supaya kabeh antuk berkahing Gusti Allah.

                   Temtokna tegese utawa tembung liyane ing sajroning wacan “Adat Jawa Mantu”kanthi
                   ndeleng tegese tembung ing basa Indonesia kang sumadya!
                      No  tembung                 Tembung ing basa Indonesia      Tegese /tembung liyane
                      1    Kawruh                 Pengetahuan                     Elmu
                      2    Gegaran                Petunjuk,pegangan
                      3    Pralaya                Mati
                      4    Trap-trapan            Tingkat-tingkatan
                      5    Udakara                Kira-kira
                      6    kaajab                 Diharapkan
                      7    Ngrakit                Menyusun
                      8    Ngudi                  Mencari
                      9    Bale somah             Rumah tangga
                      10  Sujarah                 Sejarah
                      11  Rinasuk                 Masuk,dipakai,dipeluk
                      12  Rahayu                  Selamat
                      13  Pangesthi               Pengharapan
                      14  Karoban                 Dipenuhi
                      15  Sih wilasa              Belas kasihk
                      16  Ora katalompe           Tidak lupa
                      17  Sanak kadang            Sanak kadang
                      18  Pamong mitra            Teman
                      19  Rancag                  Lancer
                      20  Miwaha                  Memestakan

                   Mangsuli pitakonan kang gegayutan karo isine wacan “upacara adat Jawa”
                   Wangsulana pitakonan pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
                       1.  Uripe manungsa kaperang dadi 3 trap-trapan.Apa bae telung trap-trapan kasebut?
                       2.  Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka
                           pralaya.Apa tegese tembung pralaya ing akara  kasebut?
                       3.  Apa kang diarani madu basa,madu rasa lan madu brata?
                       4.  Prastawa wigati ing trap-trapan kapisan iku apa bae?
                       5.  Calon penganten nindakake laku upacara siraman minangka apa?
   22   23   24   25   26   27   28   29   30   31   32