Page 2 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 2
MATERI I
TEMBANG POCUNG
Maca serat wedhatama pupuh pocung.
Serat Wedhatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A)
Mangkunegara IV ing Pura Mangkunegara Surakarta.Piyambake kang jumeneng minangka
Pangageng Pura Mangkunegara kang kawentar minangka Pujangga Agung ing Surakarta.
Serat Wedhatama isine wedha (panuntun) marang kautaman.Kautaman ing serat
kasebut dibabar lumantar satus pada kang kagelung dadi limang pupuh. Dene pupuh lan
pada kasebut kaya ing ngisor iki :
1. Pupuh Pangkur : 14 pada
2. Pupuh Sinom : 18 pada
3. Pupuh Pocung : 15 pada
4. Pupuh Gambuh : 35 pada
5. Pupuh Kinanthi : 18 pada
Saiki semaken tembang Pocung kang ditembangake dening Bapak utawa ibu gurumu!
Sabanjure tembangna bebarengan karo kanca kancamu sakelas!
Tuladha tembang Pocung ing serat Wedhatama :
Pocung
Pada I Pada IX
Ngelmu iku kalakone kanthi laku uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Lekase lawan kas yen Kabul kabuka
Tegese kas nyantosani ing drajat kajating urip
Setya budya pangekese dur angkara kaya kang wus winahya sekar Srinata
Pada II Pada X
Angkara gung neng angga agung gumulung Basa ngelmu mupangate lan
panemu Gegolonganira pasahe lan tapa
Triloka lekere kongsi yen satriya tanah jawa
Yen den umbar ambabar dadi rubeda kuna-kuna kang ginilud tri prakara
Pada III
Beda lamun kang wus sengsem reh
ngasamun Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama