Page 3 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 3
Pada IV
Taman limut durgameng tyas kang weh
limput Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda sahardi
gengira Pada V
Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapitudhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna
Pada VI
Durung pecus kesusu keselak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma
Pada VII
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-
ngaku Akale alangka
Elok jawane den mohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing mekah
Pada VIII
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere pada marsudi
Kana kene kaanane nora beda
Semaken tembang pocung ing dhuwur mau,sabanjure ayo digoleki guru gatra,guru
wilangan lan guru lagune.kanggo pangeling eling guru gatra yaiku cacahing gatra saben
sapada.guru wilangann yaiku cacahing wanda saben sagatra.lan guru lagu yaiku tibaning
swara ig pungkasan gatra.Dene watake tembang pocung yaiku duwe surasa sakepenake
,sembrana parikena.gunane tembang pocung kanggo sembranan,cangkriman lan
nyenengake ananging tembang pocung uga kerep di gunakake kanggo menehi piweling luhur
kang becik.
Gladhen :
I. Negesi tembung ing pupuh pocung.
Tindakna kegiyatan ing ngisor iki ,gaweya kelompok, saben kelompok bisa 3-4 siswa !
Temtokna tegese tembung utawa tembung liyane tembung – tembung ing jero tembang pocung
kasebut!
Tuladha :