Page 18 - PowerPoint Presentation
        P. 18
     Gladhen Piwulangan 2
     Rawa Pening
     Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Sawer kala
     wau saya suwe saya mundhak gedhe. Sang Pandhita kersa ngakoni putra,
     menawa sawer wau purun tapa nglekeri Redhi Merbabu. Anggenipun
     nglekeri kedah ngantos gathuk antawisipun endhas kaliyan buntutipun.
     Nalika sawer tapa nglekeri Redi Merbabu wau. Sareng pethitipun kacobi
     badhe kagathukaken kaliyan sirahipun, ananging tasih cupet. Sawer wau
     mbudidaya ilatipun lajeng dipuneletaken. Sang Pandhita sumerep, ilatipun
     wau lajeng dipunkethok Pandhita. Sawer wau boten pejah badanipun. Saya
     suwe saya boten katawis, saking kathahing rerungkudan.
     Tiyang dhusun sami pados bebujengan wana. Ing dhusun mriku badhe
     wonten tatacara tradisi bersih dhusun. Sadinten wonten njero wana ananging
     dereng angsang bebujengan wana. Wontem tiyang lungguh kaliyan bacok
     bacok lelandesan ing rebatang. Kaget rebatang wau ngedalaken rah. Tiyang
     dushun gadhah panginten manawi ing kang medal rahipun punika uling
     ingkang ageng sanget. Uling wau dipunpurak ulamipun dipunbekta mantuk
     dhateng ing dhusun.
     Ing dhusun kathah tiyang sami olah olah. Sukmanipun sawer wau lajeng
     mindha lare jaler. Lare jaler menika mara dhateng dhusun nyuwun ulam
     sekul, ananging boten dipun paringi. Wonten nini nini ingkang welas
     dhateng lare jaler wau. Lajeng lare wau dipunparingi ulam sekul. Lare wau
     ngaturaken metur nuwun lan atur pemut bilih mangkih badhe wontem bena
     ageng. Supados sedhiya lesung kangge prahu lan enthong kangge welahipun.
     Lare wau nancebaken sada ing siti. Lare lare dhusun sami nyobi bedhol sada
     wau, ananging boten wonten ingkang kiyat. Tiyang – tiyang sepuh ugi nyobi
     mbedhol sada wau, ananging boten wonten ingkang saged. Lajeng lare jaler
     wau mbedol piyambak sadanipun. Sareng mbedol sadaipun wau, medhal
     toyanipun. Toyanipun saya suwe saya ageng, ndadosaken bena utawi banjir.
     Tiyang sadhusun akhire sami kerem keblabak banjir. Namung nini ingkang
     paring sekul ulam ingkang tasih wilujeng, amargi numpak lesung.
     Panggenan ingkang kabanjiran wau dados rawa. Sapunika naminipun Rawa
     Pening, dados tukipun lepen Tuntang





