Page 16 - PowerPoint Presentation
P. 16

Ringkesaning Piwulangan




          A. Pangertene Crita Rakyat

              Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dharah lan dianggep minangka
              asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni
              sapa sg nganggit. Cerita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing
              madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan.

              Jinise crita rakyat antarane:
              1.Fabel, yaiku crita kang nyritaake kewan-kewan.

              2.Legendha, yaiku crita kang gegandhengan karo dumadine panggonan
              3.Mithe/mitos, yaiku crita/dongeng kang ngenani alaming lelembut utawa alam ghaib

              4.Sage/epos/wiracarita yaiku crita kang ana gegayutane karo kepahlawanan salah
                sawijine paraga/tokoh kang dianggep apik lan patut ditiru dening masyarakat.
              5.Crita jenaka, yaiku crita kang isine lelucon amarga tingkah polahe paraga ana ing crita
                kasebut.
          B. Unsur Crita Rakyat

              Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang ambangun crita rakyat yaiku tema,
              latar/setting, penokohan, alur, amanat, sudut pandang, lan konflik.
              1.Tema

                Tema yaiku minangka ide pokok atau masalah utama kang ndhasari lakuning crita.
              2. Latar

                 Latar iku mujudake papan utawa wektu dumadine kadadeyan ing sajroning crita.

              3. Alur/plot
                 Alur/plot  yaiku urut-urutaning prastawa/kadadeyan ing crita. Alur diperang dadi 3,
                 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran.

              4. Penokohan/paraga
                Penokohan iku nggambarake watake paraga/pelaku ing sajroning crita.

              5. Amanat
                Ajaran moral utawa pesen kang bakal dikandhakake dening pengarang marang sing
                maca/sing ngrungokake
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21